Jumat, 18 September 2020

Wara-wara

 Wara-wara 
Kaggem sok sintena kemawon ingkang tepang utawi mangertos : 
Ingkang nama : Didik Nurcahyo 
Papan Lenggah : Randugowang, Sariharjo Ngaglik Sleman
Kasuwun kersa comment wonten ing ngandhap menika.
Menawi ingkang maos menika Mas Didik piyambak. Kasuwun panjenengan kersa Menghubungi kula. Nomer saha griya kula taksih sami. 
Wonten ing mriki niyat kula sae kangge nyuwun matur kaliyan panjenengan. 
Matur nuwun saderengipun. 

Rabu, 27 Desember 2017

Basa Susastra

Basa Susastra ing padinan

Basa susastra ateges basa ingkang endah, saged damel sengsem lan reseping ati. Satemenipun pangginaan basa susastra ing sabendintenipun menika langkung gampil. Migunakaken basa susastra ing sabendintenipun mboten kedhah nggginakaken tembung utawi ukara susastra ingkang awrat dipunmangertosi menapa dipuntegesi amargi kathah ngginakaken basa kawinipun.
Ananging basa susastra ingkang samadya lan ugi sampun dados pacelathon ing sabendintenipun. Basa susastra ingkang gampil dipuntrapaken ing sabendinteonipun, kadosta parikan, wangsalan, paribasan, sanepo, pasemon ugi basa blenderan.
Menawi dereng dipunlakoni katingal awrat, kedhah dipunpenggalih kanthi sae, lan saged ndadosaken boten sranta kaliyan menapa ingkang badhe dipunandharaken. Ananging sejatosipun menawi sampun kulina saged dados gampil.
Ngginakaken basa susastra ing saben dintenipun saged dopun wiwiti ing pacelathon lumrah kados basa padinan. Ngginakaken basa susayra ing saben dintenipun saged nambahi raketipun pasrawungan, pacelathon saged dados langkung sekeca amatgi saged dados guyonan ingkang maton. Menawi badhe nuturi utawi paring pitutur, ngandani utawi nyemoni boten njalari dados gela, cuwa, nesu utawi runtiking ati.
Ngginakaken basa susastra ing saben dintenipun menika gadhah faedhah antawisipun : ndadosaken kreatif, menawi badhe ngendikan kedhah ngawigatosaken ing selanipun ukara dipunseseli kaliyan tetembungan ingkang endah utawi mangku pasemon. Supados pikantuk kawigatosan lan gampil dados pepiling kangge ingkang dipunajak guneman. Kanthi cara kados mekaten ingkang badhe ngendikan dadoa kreatif pados tetembungan ingkang trep.
Kathah ingkang ngendika bilih lare sakmenika boten mangertosi bilih disemoni, malah langkung ndadra. Panemu jngkang mekaten boten sedayanipun leres, ananging menawi caranipun nyemoni ingkang kirang trep, langkung wantah sanget.
Tuladhanipun menawi ngonangi putranipun ngrokok lajeng dipunsemoni kanthi cara maringi arta putranipun kangge tumbas rokok utawi nyawisi rokok kangge lare lan dipunkengken nelasaken.
Pasemon ingkang kados mekaten ndadosaken lare rumaos dipuntantang, dados ing kalodhangan sanes tetep tasih ngrokok malih. Boten nlesih ingkang dados jalaran lare kala wau nyobi ngrokok. Ananging menawa pasemon wau diwiwiti kanthi dialembana ngangge ukara wangsalan. Tuladhanipun : "kok bagus tenan anakku lanang, wis wani ajar ngrokok. Ben gagah kaya Radhen Werkudara kok ya." Saklajengipun tiyang sepuh nyuwu pirsa kaliyan putranipun menapa ingkang dados jalaranipun ngrokok. Sinten ingkang ngajajari utawi sinten ingkang dipuntiru, utawi wiwit kapan anggenipun ngrokok.
Saklajengipun saged dipuntuturi bahayanipun rokok marang lare. . Kanthi mekaten lare boten ngraosaken cuwanipun manah. Malah saged ndadosaken lare kala wau keprana kaliyan ukaranipun tiyang sepuhipun ingkang ngemu basa susastra kala wau. Lan ugi saged lajeng menggalih menapa ingkag dipunwastani saking ukaranipun tiyang sepuh kala wau. Lan menawi wonten ing kalodhangan sanes menawi boten kepanggih mesthinipun bakal madosi tegesipun, saged nyuwun pirsa kancanipun, madosi medal internet, nyuwun pirsa gurunipun utawi malah nyuwun pirsa kaliyan ingkang nyemoni.
Kanthi cara kados mekaten saged ndadosaken raketipun sesambungan antaranipun putra kaliyan tiyang sepuh. Wonten ing mriki basa susastra minangka badhe miwiti salah awijining pacelathon kedhah sae.
Mupangat ngginakaken basa susastra ingkang kaping klih inggih menika tiyang gesang kedhah sareh ugi sabar, tetembungan lan ukara ingkang badhe dipunginakaken lan ugi badhe dipunngendikakaken kedhah dipuntata rumiyin. Senadyan nembe gela, cuwa, nesu, ananging kedhah saged ngendhalekaken dhirinipun. Tuladhanipun menawi boten kepeneran marang ngendikanipun utawi kancanipun nggarap tugas naning kirang trengginas, klelat klelet boten enggal rampung. Kanthi ukara ingkang sae kadosta " Aku nunggu leh mu nggarap tugas ki bebasan kaya ngenteni mangsa rendheng. Gek suk kapan tekane?" Ukara kados mekaten nuduhaken supados raos bosen nengga saged dipunraosaken marang kancanipun lan enggal-enggal cekat-ceket amggenipun nggarap tugas. Saged ugi gadhahi teges supadoa kanca kala wau enggal-enggal ngrampungaken tugasipun.
Ukara ingkang kados mekaten mboten damel kuciwaning kancanipun amargi rumaos mboten percaya kaliyan garapanipun. Saged ugi menawi badhe ngandharaken raos anyel lan mangkel ingkag dados pasemon ingkang endah malah saged dados wangsulan ingkang endah. Tuladhanipun "Ee.. ana tawon nyekel kembang sepatu. Wis kesel leh mu nunggu ?" Menawi mireng tetembungan ingkang mekaten ingkang dipunsemoni mesthinipun bakal gemuyu, ngraos utawi ngrumangsani salahipun lan kapenak ing sadayanipun. Ugi boten wonten ingkang kuciwa.
Ingkag kaping tiga : saged nggadahi nalr lan raos posotif. Kados ingkag salun dipunandharaken ing inggil, tiyang ingkang badhe migunakaken basa susastra kangge pasemon mesthinipun badhe damel tetembungan utawi ukara ingkang sekeca dipun mirengaken. Boten waton ngendikan. Kanthibmekaten menawi badhe ngendikan kedhah dipunnalar rumiyin lan ugi dipunpenggalih rumiyin. Boten waton ngendikan ingkang saged ndadosaken gela, cuwa, punapa malih laraning manah tiyang sanes.
Pasemon saged ugi ngginakaken basa blenderan. Inggih menika basa ingkang asring dipkesedaken marang teges sanesipun supados ingkang mireng saged anyel ananging boten nesu malah dados gumuyu. Basa blenderan menika langkung becik menawi dipunginakaken kange nyemoni marang kancanipun menawi awak dhewe kirang sarujuk ing panemunipun. Tuladhanipun : menawi wonten ingakng ngendika " Jaman saiki, sapa wonge sing ora doyan dhuwit,”langkung becik menawi dipunwangsuli “Aku dhuwit ora doyan, marga aku dudu rayap, apa maneh dhuwit sing receh, bisa prothol kabeh untuku mengko.”
Basa blendern pasemon ingkang becik kangge ngowahi panemu ingkang kirang dados panwmu ingkang becik. Kanthi cara ingkang kados mekaten kala wau ugi saged dados sarana gladhen olah basa supados dados sekeca basanipun, lanthip penggalihipun, mangertosi marang pasemon ing saklajengipun, gampil anggenipun tanggap ing sasmita.

Minggu, 10 Desember 2017

Cerkak : Jagading Lelembut

Memedi Wetan Desa
dening : hanifah wulanningsih

     "Gendruwoooo!!!!!" Jerite mbakyuku merga mangkel tur keweden.
--
     Wiwit esuk rasane atiku tansah bungah. Ibuku karo mbakyuku sing lingguh ana jejerku mung melu mesem ngguyu. 
"Kowe ki lhoo ndhuk ket mau esuk mung ngguya-ngguyu. Sajak rada kepeneran?" Pitakone ibuku karo ngampet ngguyu
"Ah mboten kok buk, mbotem wonten napa-napa. Buk menawi mangkih ndalu kula badhe medal kaliyan kanca-kanca pripun buk, kepareng napa mboten?"
"Lah emange kowe arep nandi to ndhuk?"
"Mrisani film buk ten bioskop"
"Owalah karepmu ndhuk, ning ojo bengi-bengi le bali. Aja metu dalan wetan desa. Metu kidul desa wae sing dalane radha padhang." 
Aku karo kanca-kancaku ora let suwe banjur budhal menyang bioskop. Aku ngepit montor dewe seka menyang nganti mulih. Wengi iki ora kaya biasane. Angin rada njaluk di gatekake. Bulan padha dene le meri. Aku cen sengaja metu wetan desa senadyan di penging kaliyan ibu. Dalan sing luwih cedhak ning ya mada peteng tur iseh akeh wit-witan gedhe. 
 Mripatku manther nyawang mangulon. Nyawang gapurane desaku sing sedhela maneh arep tak liwati. Alon-alon ana sing mecah lamunku. Suwara sing gawe aku mrinding. Nganti ora krasa yen anggonku numpak montor saya tak banterake. Saya suwe saya cetha suwara iku. 
"Eh wul,, wulann!!" Bengoke. 
Ora malah tak alonke anggonku numpak montor malah saya ra krasa lehku mbanterke gas montore. Atiku rasane pengin reti sapa kae mau. Tak lirik ana kaca spion ing sisihku, jebul ana motor lanang ing mburiku. Atiku wis ra sewedi mau. Nanging, iku mau sapa kok reti jenengku. 
"Wull, kok lagi bali ki seko ngendi ee?" Suwarane wong lanang iku kaya wis tau tak rungokake. 
Aku banjur ngalonke lakune montorku. Tak delok ana wong lanang kag pawakane gagah numpak pit montor lanang. Praupane bagus tur resik. Esemane gawe sengseme atiku. 
"Siten nggih ?" Pitakonku karo ngapet wedi.
"Ah mosok lali to wul. Aku ki Didik. Mbiyen awake dewe wis tau kepethuk kok. Lali po piye Wull?" Wangsulane. 
"Yo sing kae lho wul. Mosok andang lali. Tak terke bali yo. Cah wedok ra wangun mulih yah mene dewean, tur sajak kowe rada keweden" penjaluke Mas Didik nggodha tur meksa. 
Ning dalan aku lan Mas Didik padha dene takon ana ing ngendi asal-usule, luwih-luwih alamat omahe. Nanging dheweke ora nyebutake alamat omahe. Mung omong yen omahe ora adoh saka omahku. Malah di slamur nggojeki aku. Ora krasa jebul aku wis tekan ngarepan omah.
"Dhik, iki to omahmu?" Pitakone Mas Didik
"Enggeh mas. Monggo mampir riyin" 
"Sesok wae dhik, wis kewengen. Ora kepenak karo tangga-tanggane. Sesok sore wae dhik, budhal kerja aku ameh dolan mrene. Oleh to dhik ?" Penjaluke Mas Didik sing tak saguhi. 
Clorote srengenge ana ing sisih kulon ora patio ketok. Sumilir angin krasa adhem nyapu kulit. Mripatku mandheng nyawang mangalor. Nyawang pager omahku kang katon teles kena udan. Teletik grimis turahan udan isih pisan pindho nelesi lemah omahku. 
"Dhik" suwarane ngagetke awakku sing lagi maca buku ana ngarep omah. 
"Eh mas, mangga lenggah. Kula damelke unjukan rumiyin." 
"Ora usah dhik, aku pingin ngajak kowe metu dolan. Apa kowe gelem dhik ?" Pitakone Mas Didik. 
"Sekedhap nggih mas. Kula tak pamit ibuk riyin" aku banjur lunga marani ibukku sng lagi masak ana ing pawon. Ibuku wis reti yen aku sore iki bakal dijak metu karo kanca anyarku wingi. 
"Awi mas" ajakku karo metu saka omah. 
Makaping-kaping pawongan iku mau ngajak aku metu saka omah tumuju panggonan kang suwasane sepi tur ya endah. 
Pantai Glagah, patemonku sing mbuh wis kaping pira, ana rasa sing ora bisa tak ampah nalika dheweke nelakake katresnane, aku sakwetara kerem ana ing samudra, udu samudrane pantai glagah, nanging kerem ana ing samudrane katresnanku. 
Ora beda karo kasunyatan ing Pantai Glagah. Ing Gunung Kanthil iki uga katut sumilire angin katresnanku. Ing Gunung kantil saktemene aku bingung, amarga nalika iku aku diwenehi kekembangan kang wis alum nanging gandane ora ilang. Tetep ngambar ambune melati. 
Awakku karo Mas Didik pancen uwis kurang luwih enem sasi sesambungan nanging aku ngrasa kepenak kaliyan slirane. Mas Didik bisa mapanake awake. Bisa dadi kakang kang ngerti kahanane adhine, uga bisa dadi sesandingan kang pangerten. Uga wis bisa njimuk atine bapak ibuku. 
Wengi san saya mrambat, pandenganku iseh tumuju ana ing wong lanang kuwi. Saya suwe saya gawe aku bingung. Saben aku ana ing sisihe dudu ganda parfum sing kaya biasane, manging ganda laya sing wis suwe. Emh... mambu bathang. 
"Dhik, kok isa ya dumadi kaya ngene. Aku isa nelakae tresnaku marang awakmu dhik. Dhik, nanging awakmu karo awakku ora bisa sesandingan dhik." Ujare Mas Didik karo mrebes mili.
"Lahh.. merga apa mas" pitakonku bingung
"Awakdewe ra bakal isa dadi siji dhik. Tulung iki singgahno. Tetenger saka awakku dhik" ujare Mas Didik karo menehake barang kang gawe drijiku ora mung manis. 
"Apa to masss!! Le jare ora isa dadi siji tapi kok malah menehi cincin?" Pitakonku saya bingung. 
"Dhik, yen aku blaka ro awakmu apa awakmu gelem? Nanging kowe aja kaget dhik. Tur sak lebare aku blaka ro awakmu, aku wis ra bakalan ngetok maneh ana ing ngarepmu dhik, aku wis ra kuwat, wedi yen katresnanku saya jero dhik." Ujare Mas Didik ndingkluk. 
"Opo sing meh mbok omongke?" 
"Aku iki gendruwo dhik" 
"Ora, ora mungkin!! Kowe ki uwong!!"
"Tenan dhik." Wangsulane Mas didik karo maleh dadi memedi sing gedhe, dhuwur, ireng, kang sorot mripate gawe wedine sapa wae. Ganda bosok kuwi mau saya nylekit. Kahanan saya nyenyet. Aku tiba ing lemah. Peteng. 
Sakjroning aku turu, ora ngimpi ora apa kok ana ambu sing wangi. Alon-alon mripatku nginjen kahanan. Aku kaget. Ning pikiranku werna-werna. Kok aku isa ana ing papan kaya ngene. Ohh.. Aku ijeh ana ing panggonanku mau. Tak sawang meneh, apa iku memedine Mas Didik. 
"Piye dhik, wis sadar awakmu. Dhik, apa awakmu iseh wedi ora karo aku? Yen awakmu wedi aku bakal sumingkir dhik" Ujare karo memundur, ngadoh sak awakku. 
"Mas tulung, maleho dadi wujud manungsa, kowe bagus yen dadi manungsa. Aja mbok tinggal awakku dhewekan. Aku tresna awakmu mas. Kancanana aku saben wengi wae. Aku malah wedi yen awakmu ninggal aku. Aku bakal kelingan karo wujudmu sing mau yen kowe ra nyandhing aku" penjalukku karo nagis ngguguk. 
"Iya dhik." Wangsulane maleh dadi manungsa maneh banjur marani aku ngekep aku. Lan ngeterke aku bali. 
Saka kadohan wis ketok yen ibuku, bapakku, karo mbakyuku ana ing ngarep omah. Sajak kuatir ngenteni aku sing baline kewengen. 
"Gendruwoooo!!!!!" Jerite mbakyuku merga mangkel tur keweden. 
"Ndhukk!! Ngadoho saka wong iku! Iku udu uwong!!" Bapakku mrebes mili karo nggeret tanganku ngadoh saka Mas Didik. 
Ibuku mung nangis. Ora bisa muni apa-apa. Aku saya bingung, kudu piye anggonku nglakoni. Aku manungsa nanging aku tresna karo gendruwo
"Ning aku tresna pak!!!" 
"Ora.. pokok e ora!!!" Bapakku nggeret aku mlebu omah. 
"Kae ki gendruwo sing manggon ning wit randhu wetan desa. Sadar to wul!!!!" mbakyuku nangis kekejer. 
Lebar iku pancen aku wis ratau maneh ngajak Mas Didik bali ing ngomah maneh merga mbakyuku keweden nganti di suwukake bola-bali nanging ora ilang kewedene. Bapakku mageri omah nganggo donga-donga. Nanging, aku iseh kerep ketemu ana ing njaba omah sing panggonane sepi tur endah utawa aku marani ono ing omahe, ing wit randhu alas wetan desa karo nggawa cincin sing diwenehake marang aku. Uga tak gawa kembang melati sing dadi kesenegane Mas Didik. Senadyan beda alam, nanging aku tresna awakmu Mas Didik, Gendruwoku. 

Jumat, 01 Desember 2017

Geguritan

Mung Carita
dening : Hanifah Wulannigsih

Ing wantarane lingsir lan esuk
Tansah kelingan nalikane jejer sesandingan
Tetembangan ati lan tresna kang dadi asmara
Grimis ngriwis nambahi asrepe ati
Langit peteng ndhedhet sansaya atis
Pancene kleru anggonku nata tresna
Umpamane slirahmu ngerti sakjroning atiku
Ora bakal sliramu dadi pedhut kang kasaput
Ilang bareng tekane srengenge
Kaya bun kang tumetes siya-siya ing lemah teles
Kanggo tetambah eluhku nelesi pipiku
Kabeh iku wis ora kena digetuni,
Kabeh wis ginaris dening Gusti
Ati sing nggasak atosing tembok
Ora ngrasakake tatu sing kebak getih
Amung tatu tanpa getih, ajur
Nangung saiki uwis muspra
Ing geguritan iki
Awakku amung pingin kandha
Yen atiku ngranta ngayawara

Kamis, 23 November 2017

Geguritan

Sore lan udan
Dening : Hanifah Wulanningsih

Tetese udan wis ora gelem mandheg
Nggrujug dunya, nelesi atiku
Langit ing awang-awang kebak mega
kang lagi sesrawungan karo abange sore
Padha-padha bisu ora guneman
Ora gelem padha mesem apa maneh aruh-aruh
 
    Mung Kadang kala krungu dhehemmu saka kadohan
    Ing jeroning derese udan lan bantere angin
    Adhem kang nggawa kakune swasana jingga
    Srengengne uga wis wegah ngguyu
    Nambahi nyenyete jagad pasrawungan sore iki.


Rabu, 22 November 2017

Asiling panaliten udan

Tembung-tembung kriya, aran, lan kahanan


Geguritan

Rindu
Dening : Hanifah wulanningsih


Aku lemah kang ngrerindu tekane srengenge
Aku pasir kang ngenteni lunganing banyu
Aku cecarangan kang ngenteni tekane srengenge
Dak titipake sathitik rasa percayaku
Pas ing jero telenging ati
Sing tak rasa yen iki mau tresna

Mendhung kang nutupi nilaning langit
Ora bisa nutupi sorote endahmu
Opo maneh yen kowe netesake eluhmu
Warnamu tetep padha
Ora bunder, nanging tetep endah tak sawang
Aku ngrerindu slirahmu
Ing ngisor derese udan
Lan ing awang-awang
Kang dadi wewayangan