Minggu, 10 Desember 2017

Cerkak : Jagading Lelembut

Memedi Wetan Desa
dening : hanifah wulanningsih

     "Gendruwoooo!!!!!" Jerite mbakyuku merga mangkel tur keweden.
--
     Wiwit esuk rasane atiku tansah bungah. Ibuku karo mbakyuku sing lingguh ana jejerku mung melu mesem ngguyu. 
"Kowe ki lhoo ndhuk ket mau esuk mung ngguya-ngguyu. Sajak rada kepeneran?" Pitakone ibuku karo ngampet ngguyu
"Ah mboten kok buk, mbotem wonten napa-napa. Buk menawi mangkih ndalu kula badhe medal kaliyan kanca-kanca pripun buk, kepareng napa mboten?"
"Lah emange kowe arep nandi to ndhuk?"
"Mrisani film buk ten bioskop"
"Owalah karepmu ndhuk, ning ojo bengi-bengi le bali. Aja metu dalan wetan desa. Metu kidul desa wae sing dalane radha padhang." 
Aku karo kanca-kancaku ora let suwe banjur budhal menyang bioskop. Aku ngepit montor dewe seka menyang nganti mulih. Wengi iki ora kaya biasane. Angin rada njaluk di gatekake. Bulan padha dene le meri. Aku cen sengaja metu wetan desa senadyan di penging kaliyan ibu. Dalan sing luwih cedhak ning ya mada peteng tur iseh akeh wit-witan gedhe. 
 Mripatku manther nyawang mangulon. Nyawang gapurane desaku sing sedhela maneh arep tak liwati. Alon-alon ana sing mecah lamunku. Suwara sing gawe aku mrinding. Nganti ora krasa yen anggonku numpak montor saya tak banterake. Saya suwe saya cetha suwara iku. 
"Eh wul,, wulann!!" Bengoke. 
Ora malah tak alonke anggonku numpak montor malah saya ra krasa lehku mbanterke gas montore. Atiku rasane pengin reti sapa kae mau. Tak lirik ana kaca spion ing sisihku, jebul ana motor lanang ing mburiku. Atiku wis ra sewedi mau. Nanging, iku mau sapa kok reti jenengku. 
"Wull, kok lagi bali ki seko ngendi ee?" Suwarane wong lanang iku kaya wis tau tak rungokake. 
Aku banjur ngalonke lakune montorku. Tak delok ana wong lanang kag pawakane gagah numpak pit montor lanang. Praupane bagus tur resik. Esemane gawe sengseme atiku. 
"Siten nggih ?" Pitakonku karo ngapet wedi.
"Ah mosok lali to wul. Aku ki Didik. Mbiyen awake dewe wis tau kepethuk kok. Lali po piye Wull?" Wangsulane. 
"Yo sing kae lho wul. Mosok andang lali. Tak terke bali yo. Cah wedok ra wangun mulih yah mene dewean, tur sajak kowe rada keweden" penjaluke Mas Didik nggodha tur meksa. 
Ning dalan aku lan Mas Didik padha dene takon ana ing ngendi asal-usule, luwih-luwih alamat omahe. Nanging dheweke ora nyebutake alamat omahe. Mung omong yen omahe ora adoh saka omahku. Malah di slamur nggojeki aku. Ora krasa jebul aku wis tekan ngarepan omah.
"Dhik, iki to omahmu?" Pitakone Mas Didik
"Enggeh mas. Monggo mampir riyin" 
"Sesok wae dhik, wis kewengen. Ora kepenak karo tangga-tanggane. Sesok sore wae dhik, budhal kerja aku ameh dolan mrene. Oleh to dhik ?" Penjaluke Mas Didik sing tak saguhi. 
Clorote srengenge ana ing sisih kulon ora patio ketok. Sumilir angin krasa adhem nyapu kulit. Mripatku mandheng nyawang mangalor. Nyawang pager omahku kang katon teles kena udan. Teletik grimis turahan udan isih pisan pindho nelesi lemah omahku. 
"Dhik" suwarane ngagetke awakku sing lagi maca buku ana ngarep omah. 
"Eh mas, mangga lenggah. Kula damelke unjukan rumiyin." 
"Ora usah dhik, aku pingin ngajak kowe metu dolan. Apa kowe gelem dhik ?" Pitakone Mas Didik. 
"Sekedhap nggih mas. Kula tak pamit ibuk riyin" aku banjur lunga marani ibukku sng lagi masak ana ing pawon. Ibuku wis reti yen aku sore iki bakal dijak metu karo kanca anyarku wingi. 
"Awi mas" ajakku karo metu saka omah. 
Makaping-kaping pawongan iku mau ngajak aku metu saka omah tumuju panggonan kang suwasane sepi tur ya endah. 
Pantai Glagah, patemonku sing mbuh wis kaping pira, ana rasa sing ora bisa tak ampah nalika dheweke nelakake katresnane, aku sakwetara kerem ana ing samudra, udu samudrane pantai glagah, nanging kerem ana ing samudrane katresnanku. 
Ora beda karo kasunyatan ing Pantai Glagah. Ing Gunung Kanthil iki uga katut sumilire angin katresnanku. Ing Gunung kantil saktemene aku bingung, amarga nalika iku aku diwenehi kekembangan kang wis alum nanging gandane ora ilang. Tetep ngambar ambune melati. 
Awakku karo Mas Didik pancen uwis kurang luwih enem sasi sesambungan nanging aku ngrasa kepenak kaliyan slirane. Mas Didik bisa mapanake awake. Bisa dadi kakang kang ngerti kahanane adhine, uga bisa dadi sesandingan kang pangerten. Uga wis bisa njimuk atine bapak ibuku. 
Wengi san saya mrambat, pandenganku iseh tumuju ana ing wong lanang kuwi. Saya suwe saya gawe aku bingung. Saben aku ana ing sisihe dudu ganda parfum sing kaya biasane, manging ganda laya sing wis suwe. Emh... mambu bathang. 
"Dhik, kok isa ya dumadi kaya ngene. Aku isa nelakae tresnaku marang awakmu dhik. Dhik, nanging awakmu karo awakku ora bisa sesandingan dhik." Ujare Mas Didik karo mrebes mili.
"Lahh.. merga apa mas" pitakonku bingung
"Awakdewe ra bakal isa dadi siji dhik. Tulung iki singgahno. Tetenger saka awakku dhik" ujare Mas Didik karo menehake barang kang gawe drijiku ora mung manis. 
"Apa to masss!! Le jare ora isa dadi siji tapi kok malah menehi cincin?" Pitakonku saya bingung. 
"Dhik, yen aku blaka ro awakmu apa awakmu gelem? Nanging kowe aja kaget dhik. Tur sak lebare aku blaka ro awakmu, aku wis ra bakalan ngetok maneh ana ing ngarepmu dhik, aku wis ra kuwat, wedi yen katresnanku saya jero dhik." Ujare Mas Didik ndingkluk. 
"Opo sing meh mbok omongke?" 
"Aku iki gendruwo dhik" 
"Ora, ora mungkin!! Kowe ki uwong!!"
"Tenan dhik." Wangsulane Mas didik karo maleh dadi memedi sing gedhe, dhuwur, ireng, kang sorot mripate gawe wedine sapa wae. Ganda bosok kuwi mau saya nylekit. Kahanan saya nyenyet. Aku tiba ing lemah. Peteng. 
Sakjroning aku turu, ora ngimpi ora apa kok ana ambu sing wangi. Alon-alon mripatku nginjen kahanan. Aku kaget. Ning pikiranku werna-werna. Kok aku isa ana ing papan kaya ngene. Ohh.. Aku ijeh ana ing panggonanku mau. Tak sawang meneh, apa iku memedine Mas Didik. 
"Piye dhik, wis sadar awakmu. Dhik, apa awakmu iseh wedi ora karo aku? Yen awakmu wedi aku bakal sumingkir dhik" Ujare karo memundur, ngadoh sak awakku. 
"Mas tulung, maleho dadi wujud manungsa, kowe bagus yen dadi manungsa. Aja mbok tinggal awakku dhewekan. Aku tresna awakmu mas. Kancanana aku saben wengi wae. Aku malah wedi yen awakmu ninggal aku. Aku bakal kelingan karo wujudmu sing mau yen kowe ra nyandhing aku" penjalukku karo nagis ngguguk. 
"Iya dhik." Wangsulane maleh dadi manungsa maneh banjur marani aku ngekep aku. Lan ngeterke aku bali. 
Saka kadohan wis ketok yen ibuku, bapakku, karo mbakyuku ana ing ngarep omah. Sajak kuatir ngenteni aku sing baline kewengen. 
"Gendruwoooo!!!!!" Jerite mbakyuku merga mangkel tur keweden. 
"Ndhukk!! Ngadoho saka wong iku! Iku udu uwong!!" Bapakku mrebes mili karo nggeret tanganku ngadoh saka Mas Didik. 
Ibuku mung nangis. Ora bisa muni apa-apa. Aku saya bingung, kudu piye anggonku nglakoni. Aku manungsa nanging aku tresna karo gendruwo
"Ning aku tresna pak!!!" 
"Ora.. pokok e ora!!!" Bapakku nggeret aku mlebu omah. 
"Kae ki gendruwo sing manggon ning wit randhu wetan desa. Sadar to wul!!!!" mbakyuku nangis kekejer. 
Lebar iku pancen aku wis ratau maneh ngajak Mas Didik bali ing ngomah maneh merga mbakyuku keweden nganti di suwukake bola-bali nanging ora ilang kewedene. Bapakku mageri omah nganggo donga-donga. Nanging, aku iseh kerep ketemu ana ing njaba omah sing panggonane sepi tur endah utawa aku marani ono ing omahe, ing wit randhu alas wetan desa karo nggawa cincin sing diwenehake marang aku. Uga tak gawa kembang melati sing dadi kesenegane Mas Didik. Senadyan beda alam, nanging aku tresna awakmu Mas Didik, Gendruwoku. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar