Rabu, 25 Oktober 2017

Cerkak

Ambruk
dening : Hanifah Wulanningsih

     Pelik-pelik diane teplok wis gari sithik lengane ora digatekake karo bocah wadon ana ing jero kamar pojok kana kae. Bocah iku katon sengkut anggone nylurupake benang, mbenakke klambi sing suwek lengene. Klambi siji-sijine sing di duweni kanggo mangkat ngangsu kawruh. 
     "Ruk, yah mene kok durung bobok ?" Ujare Bu Karyo.
     "Sekedhap malih Mbok, tasih kirang sekedhik." Ujare Rukmini.
     "Ndhuk, jane Simbok pengin ngomong karo kowe." Penjaluke Bu Karya karo ngelus rambute Rukmini.
     "Wonten napa ta mbok? Mangga lho.. kok malah kaya arep nangis to mbok ?" Pitakone Rukmini bingung.
     "Piye yo ndhuk. Simbok ra isa nerangke" ujare Bu karya netesake eluhe.
     "Lah napa ta mbok?" Rukmini tambah bingung karo omongane Bu Karya.
     "Jane simbok ki wegah nglebokne awakmu ning masalahe simbok, ning simbok wingi wis kepojok ndhuk" wangsulane Bu Karya sing tambah gawe bingunge Rukmini.
     "Mbok, napa ta mbok?!"
     "Seminggu kepungkur Pak Brata mrene, nagih dhuwit sing Simbok jilih kanggo mbayar sekolahmu kae, ming kepiye maneh, Simbok ra sanggup nutup kabeh utang-utang iku." Bu Karya crita sinambi mrebes mili ora bisa nerusake ceritane.
     "Ruk umpama awakmu dipek bojo Pak Brata gelem ora ndhuk ?" Pitakone Bu Karya karo ngampet nangis tur suwarane lirih, ngarep-arep ukara kuwi mau ora nglarani atine anak wedok siji-sijine sing wis ditinggal bapakne mbuh sangkan parane nalika Rukmini iseh bayi. 
     Rukmini ndredheg, kaya dene kesamber petir. Lambene blangkemen. Atine keranta-ranta pengin mbengok sak kuwate. 
     "Rukmini, anakku wedok, aku kudu kepiye ndhuk, sesok Pak Brata ndhene nagih janjiku le semaya seminggu." Ujare Bu Karya.
     "Mbok, kula ndherek kersane Simbok mawon." Semaure Rukmini karo netesake eluhe.

     Kaya wegah tangi esuk iki, biasane Rukmini tangi mruput dhewe banjur ngewangi Simbokne masak kanggo dodol ana ing sak ngarepe omahe. Dina iki kabeh ora kaya adate. Wis semplah rasane awake Rukmini mikir apa bisa aku dadi bojone Pak Brata sing kondhang kejem tur pelit. Pak Brata, duda anak siji sing ditinggal mati bojone limang tahun kepungkur sing gaweyane nyilihi dhuwit kang biasane diarani "bang plecit" amarga tukang meres sapa wae sing ora bisa nyaurutang. 
     "Ruk, ndhuk, apa uwis tangi awakmu ?" Pitakone Bu Karya.
     "Sampun Mbok"
     "Rene ndhuk, tak omongi, mau Pak Brata wis mrene, nagih wangsulane simbok, simbok mau wis omong yen slirahmu gelem dadi bojone Pak Brata" ujare Bu Karya karo ndhingkluk ra kuwat ngematke Rukmini. 
     "Sampun Mbok, mboten napa-napa" wangsulane Rukmini kari ngampet nangis.
     "Sesok, apa engko sore awakmu kon ngewangi reresik omahe Pak Brata, apa gelem ndhuk ?" Pitakone Bu Karya.
     "Mboten napa-napa mbok, mangkih kula tak mrika" semaure Rukmini abot.
     Di seret-seret anggone nggobahke sikil mara ing omahe Pak Brata sing gedhe kae. Ndredheg anggone nyekel pager. Pikirane ngayawara ketok ngendi wae. Apa sing bakal dak lakoni ana ing omah iku. Alon-alon karo ngampet eluhe, Rukmini mlebu omahe Pak Brata. Ing ruang tamu ketok ana uwong kakung kira-kira umure 45 lingguh ana ing kursi karo ngombe kopi. 
"Eh cah ayu, wis ketok kene awakmu? Kene kene lingguh dhisik jejer aku" kongkone Pak Brata sinambi nggeser anggone lingguh.
     "Sampun pak, kula ten mriki mawon" wangsulane Rukmini karo lingguh ndheprok ana ing cerak lawang karo ngampet nangis.
     "Uwis ta ndhuk rene, rapapa" ujare Pak Brata sinambi ngadeg marani Rukmini. Rukmini mung isa meneng wae. Pikirane ngayawara ketok ngendhi wae.
    "Ruk, tulung tatanen kamar iki, mbok resiki nganti resik. Kira-kira penak nek sesok meh mbok nggoni" ujare Pak Brata karo meruhi kamar sing ameh di resiki. Pak Brata banjur lunga menyang kamare.
Lambene Rukmini mbisu. Awakke kaku. Ning pikirane mung ana pitakonan kang ora-ora. Ora let suwe Pak Brata bali ing kamar iku karo nyangking tas-tas.. sajak sing ono ing jerone kui piranti sing larang. 
     "Ruk, cah ayu, ndhene dhilit ndhuk. Iki ndhuk, aku ana klambi nggi awakmu. Engko nek wis rampung le reresik omah iki di gawa bali, rasah sumelang, iku kabeh anyar tur apik-apik ndhuk. Lak engko kowe ketok tambah ayu. Oh iya. Njur iku ing jerone ana kaperlian liyane sing mbok butuhne" ujare Pak Brata karo ngenehake tas-tas iku. 
Sakwise rampung. Rukmini pamit bali. Ananging di gondheli karo Pak Brata.
     "Sik-sik ndhuk,lhooo.. lah endi tas-tas iku mau? Kok ora mbok gawa? Reneo dhilit ndhuk karo aku nduwe pitakonan nggo awakmu!" Ujare Pak Brata rada nesu.
"Ruk, apa gelem awakmu tak pek bojo? Gelem to ndhuk? Nek umpama gelem, sesok sore awakmu tak lamar sisan golek dina apik nggo ijab." Pitakone Pak Brata rada meksa sing gawe awake Rukmini kaya kepaku. 
     "Nderek mawon pak"
   
     Adicara lamaran wis kalaksanan. Dina apik sing ameh dienggo ijab wis di olehi. Seminggu meneh penere. Kaya wis kepaten, Rukmini dadi kerep ndomblong, pikirane kadang nyok kothong. Linglung. Dijak omong ora sambung. Anane mung meneng wae. 
     Esuk iki ra kaya esuk sing biasane. Rukmini ora katon sedhih. Malah sak walike. Katon sumringah. Embuh setan ngendi sik nemplek ana awake Rukmini kang gawe awake ora kaya adate.
     "Mangga buk, saged dipunwiwiti" ujare Rukmini sing ameh dipaes manten.
Alon-alon tukang paes mau ndadekake Rukmini dipanglingi sapa wae. Cundhuk mentul sak perangane sik ana ing sirahe iku nambah mrengile Rukmini. Klambi bludru iku yo luwes ana ing awake Rukmini. 
     "Ndhuk, ayu tenan kowe ndhuk." Ujare Pak Brata sinambi ngelus pipine Rukmini sing ana ing jero kamar kang adoh saka pawongan kiwa tengen.
     Teka-teka tangane Rukmini ngranggeh cunduk mentul sing ana sirahe. Dielus elus sisih lancipe saka pitung cundhuk mentul iku. Rambute sing mau digelung apik dadi awul-awulan.
     "Ndhuk, lah kok cundhuk mentule mbok copot ki ngapa?" Pitakone Pak Brata bingung.
     "Boten napa-napa pak, namung mboten kepenak. Pak, kula gadhah panyuwunan pak" wangsulanne Rukmini karo mesem sing gawe luluhe sapa wae.
     "Namung niki pak!!!" Rukmini ngguyu sak pol e karo nujem wetenge Pak Brata ping bola-bali. Getih-getih padha muncrat, riasane sing maune ayu wis ilang kebak getih. Bocah sing biasane manutan saiki maleh dadi uwong sing ketegelen. 
     "Ndhuk kowe ngapa ndhuk? Kena setan ngendhi kowe ki?" Pitakone Pak Brata karo ngampet lara
     "Aku mung pengin kowe mati ben aku ra sida dadi bojomu!! Ben ora mbok siksa. Ben aku isa ucul seka kowe!! Matiooooo kowwee" Rukmini semaur karo ngguyu kemekelen. Nandakake digdayane. Tangane ora leren nujemi awake Pak Brata. 
     "Ndhuk, kowe salah tampa ndhuk, ora kaya ngono ndhuk. Aku mung pengin kowe isa sekolah meneh. Isa dadi wong sing migunani. Isa sukses. Aku ra pengin nduweni awakmu. Aku mung pengin ngopeni kowe. Ben kowe ora salah dalan" Ujare Pak Brata karo nangis ngampet lara njaba njero.
     "Ngapuuussiiii!!!!!" Rukmini mbengok.
     "Te.. na.." durung rampung anggone Pak Brata wangsulan. Teka-teka awake hoyag. Mripat sing mau ngetokake eluh saiki wis ra isa diobahake. Pak Brata wis nusul bojone sing wis limang tahun kepungkur di pundhut Gusti.
     Rukmini sing mau wis kelangan akal. Teka-teka saiki mung nangis ing pojokan kamar. Awake kebak getih merga polahe. Rukmini kamitenggengen ndelok apa sing wis dilakonine. Rukmini bengak-bengok sajak rada bingung kudu kepiye saiki. Pikirane morat-marit.
      "Aku ngappaaaaaa!!!!"
      "Huuuaaahhh... Mesthi bariki aku dikunjara. Digebuki. Po malah dipateni" Rukmini nakoni awake dewe karo ndelok tangane sik kebak getih.
      "Orak. Aku ra di kunjara. Hahaha... Aku ra bakalll di kunjaraa. Hahahaha... Oh.. saiki aku bakal di kunjara. Ahhhhh.. kudune aku mau nyaguhi apa karepe wong iku" Rukmini nangis kekejer merga gela ndelok polahe. 
Sing ana ing pikirane Rukmini kedadeyan. Angen-angene bakal dadi wong sing sukses ora kedadeyan. Saiki awake di kunjara luwih-luwih kahanane saya ngenes. Antarane edan karo ora. 

Rabu, 18 Oktober 2017

Sekar Dhandhanggula Serat Wulangreh

Pamedare wasitaning ati
cumantaka aniru Pujangga
dhahat muda ing batine
Nanging kedah ginunggung
datan weruh yen keh ngesemi
ameksa angrumpaka
basa kang kalantur
turur kang katula-tula
tinalaten rinuruh kalawan ririh
mring padanging sasmita


Sasmitaning ngaurip puniki
mapan ewuh yen ora weruha
tan jumeneng ing uripe
akeh kang ngaku-aku
pangrasane sampun udani
tur durung wruh ing rasa
rasakang satuhu
rasaning rasa punika
upayanen darapon sampurna ugi
ing kauripanira


Jumat, 13 Oktober 2017

Tahu walik




Tahu Walik Special
Bosan dengan tahu bakso yang gitu-gitu aja.
Nih cobain. Tahu bakso dengan sensasi yang beuuuuhhhh..
Pedes pedes kriuk gituu..
Yok order yokk..
Cp : 085643378441



Kamis, 12 Oktober 2017

Lingsir

Lingsir

Dening : Wulanningsih

Wengi wis san saya lingsir
Sinare sang candra wis katon ora sumringah
Sumorot mangulon mapag tekane jagat raina
Nyawang kahanan kang katon tentrem

Lelagon swarane jangkrik sesahutan
Sepine wengi pecah merga jegoge asu
Palakon kahanan wis padha lerem ing pangimpen
Nepsu panguripan uwal saka telenging ati
Gumanti impen kang endah
Sawengi natas ngancani sepining jagat
Lamat-lamat kaganti suwasana kang ngowahi lingsir
Jago-jago padha kluruk pamer kagagahane
Minangka pratandha yen surya bakal tumeka

Rabu, 04 Oktober 2017

Cerita Pengalaman

Beja sing Ora Dikarepke

      Sesasi kepungkur aku ndaftar ujian SBMPTN kanggo prasyarat mlebu kuliah tur kanggo prasyarat nglegani ibuku sing pingin aku mlebu kuliah. Saktenane aku ra ana niatan kuliah, nanging ibuku kepingin aku mlebu kuliah amarga eman-eman karo bijiku. Leh anggonku nggarap soal uga ra ana niatan. Aku ya uga ngarep-arep supayane aku ora ketampa ing kuliahan, amarga aku wis oleh gaweyan sing bayare lumayan gedhe tur gaweyane kepenak.

     Dina iki pengumuman hasil ujian SBMPTN, ning atiku ra ana greget kanggo niliki hasile ujian. Kancaku sing sak gaweyan karo aku tur ya padha ndaftar SBMPTN wis padha ubyur ngiliki pengumuman hasile. Dumadakan padha nangis kabeh amarga ora ketampa. Aku iseh santai, ora duwe karep niliki hasil, mergane aku mikir yen aku ra bakal ketampa ujian kaya sing tak karepake.

      Hapeku ra isa meneng anggon muni. "Ah paling mung do pengin reti hasile ujian" batinku karo neruske anggone nyambut gawe lan ora nggatekake hapeku. Kanca-kancaku sing liyane padha takon karo aku. Ning aku mung semaur yen aku ra ketampa. Nganti ana kancaku sing takon nomer ujian karo paswordku amarga ora percaya. "Peh, kene aku njaluk nomer ujianmu karo paswordmu, kok le ngaku-aku ra ketampa ujian. Wong ketokke aku mau maca ning koran ana jenengmu kok" ujare kancaku karo mangkel.
Basan kancaku omong ngono banjur tak nehi nomer karo pasworde, atiku sing maune ayem dadi ora karuan. Semelang yen aku ketampa kuliah. Lan sing tak wedeni kelakon. Aku ketampa kuliah ing salah sijining PTN ing jogja.

     Ra ana rasa seneng, anane pikirane mumet amarga ora reti kudu ngapa. Aku sing kudu tak lakoni. Ora merga semelang anggone bayar, nanging merga aku ndaftar kuliah tur ora reti iku kampuse ana ngendi, sik kudu tak lakoni nalika kuliah iku kepiye, sing disinau iku apa, blass bloongg. Rasa sedhih merga aku kudu pisah karo kanca sak gaweyan, merga bakalan ra isa golek duit meneh. Blas ra ana seneng-seneng e.
Sakwise ketok omah. Aku langsung di kekep wong tuaku merga seneng e ra karuan. Ning aku malah nangis kekejer merga ra karep. Ning kepiye maneh iku kabeh kudu tak lakoni. Lan Alhamdulillah nganti saiki wis ana rasa bungah ning atiku, merga aku ora mung kuliah, nanging uga karo nguri-uri budaya jawi

Minggu, 01 Oktober 2017

Tembang dolanan anak

Kembang Blimbing

Kembang blimbing mbing maya-maya ya
Kembang pelem wujude ingklik ketela
Kembang kacang lan kara padha kupune, lha kae
Kembang pring blas-blasan kaya carange
Kembang jambu lan randhu metu karuke, lha kae
Dhasar blanggreng Si kopi pemacakira

Dhendheng Kenthing thing
Sambel lonthang thang
Kakang mendhak yen mendhak ulung-ulungan
Jenang telaka gendhis mawi kalapa, aoa
Leganana gathuke krenteg kawula
Benguk wana kecipir wungu kembange, aoe
Rowa rawe temanten ketemu sore

Tembang Dolanan

Jago Kluruk

Ing wayah esuk jagone kluruk
Rame swarane pating kemruyuk
Wadhuh senenge sedulur tani
Bebarengan padha nandur pari

Srengenge nyunar kulon prenahe
Manuke ngoceh ana wit-witan
Paling cemruwit rame swarane
Tambah asri donya saisine

Lagu dolanan anak

Kodok Ngorek

Kodok ngorek kodok ngorek
Ngorek nyang pinggir kali
Theyot theblung theyot theblung
Theyot theyot theblung

Golek pangan golek pangan
Golek golek pangan
Theyot theblung theyot theblung
Theyot theyot theblung

Bocah pinter bocah pinter
Besuk dadi dokter
Bocah bodho bocah bodho
Besuk kaya kebo