Instagram Kangge Sarana Panyebaraning Budaya
Budaya Jawi menika kathah warnanipun kadosta upacara adat, tatacara gesang sabendintenipun, seni, lan sapanunggalanipun. Globalisasi menika saged ndamel budaya jawi menika kawentar ing dunya. Kanthi piranti medal HP budaya jawi sages dipuntepangaken ing sedaya kemawon kanti lantaran media sosial, internet, lan sanes-sanesipun.
Media sosial lan internet saged dipunginakaken kangge ngandharaken menapa kemawon ingkang wonten ing Jawi. Salah satunggaling tuladha menika wontenipun Instagram. Instagram saged dados salah satunggaling cara nepangaken budaya Jawi. Wonten ing Instagram menika saged dipunginakaken kangge mawartosaken menapa kemawon, kadosta upacara adat, wayang, daharan, papan wisata, jadwal upacara adat lan sanes-sanesipun kanthi foto utawi video ingkang dipunjangkepi kaliyan katrangan saking foto utawi video kasebat.
Adicara utawi babagan ingkang dipunupload wonten instagram menika langkung gampil dipunmangertosi satemah saged dipuntampi sinten kemawon ingkang bikak akun menika. Babagan ingkang dipunandharakem menika dipundamel dhatengaken raos sengsem ing pamaos, kadosta foto utawi video ingkang sae, katrangan ingkang jangkep lan leres ugi saged dipunpercaya, basa ingkang dipunginakaken ugi kedhah trep lan sae. Basa ingkang dipunginakaken saged basa Jawi, basa Indonesia, utawi basa Inggris. Basa ingkang trep saged ndamel kathah pamaosipun ingkang saged ndadosaken informasi kala wau pawartos utama.
Instagram dipunjangkepi sarana ingkang adamel postingan menika gampil dipunpadosi, tuladhanipun wontenipun hastag utwai tagar (#) ingkang nggampilaken para pamaos madosi menapa ingkang dados penggalihipun piyambak-piyambak, kadosta #wayang, #batik, #kraton, lan sapanunggalanipun.
Sanesipun hastag ugi wonten pamadosan saking papan dipundhutipun foto utawi video, tuladhanipun Yogyakarta, Kota Gedhe, lan papan-papan sanesipun ingkang kathah budayanipun ingkang saged dipuninformasikaken kangge para pamaos.
Wonten Instagram ugi saged dipunparingi papan pangenanipun nalika upload lan sinten ingkang badhe dipun tag/dipun tandani wonten foto utawi video ingkang badhe dipunupload wonten Instagram. Instagram ugi dipunjangkepi maneka warna pilihan rikala badhe upload foto utawi video satemah saged langkung damel para pamaos kepincut kaliyan budaya jawi.
Wontenipun Instagram menika saged ugi ndamel kathah tiyang mancanagari ingkang sami tindhak dhateng Indonesia mliginipun ing Ngayogyakarta kangge sinau budaya Jawi. Katrangan-katrangan ingkang ngandharaken maneka warni budaya Jawi dipunandharaken ngginakaken basa Inggris menika saged ndadosaken para masarakat mancanagari eram kaliyan budaya Jawi. Saking raos eram menika saged ndadosaken Budaya Jawi budaya kawentar wonten ing pundhi kemawon bilih budaya jawi menika langkung sae.
Instagram ugi saged dados sarana pasinaon ingkang gampil dipuntampi. Kanthi cara panyugatanipun ingkang kreatif, Instagram menika ugi langkung dipunremeni tiyang enem, informasi ingkang dipunandharaken saged dipuntampi sedaya lapisan masarakat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar