Basa Susastra ing padinan
Basa susastra ateges basa ingkang endah, saged damel sengsem lan reseping ati. Satemenipun pangginaan basa susastra ing sabendintenipun menika langkung gampil. Migunakaken basa susastra ing sabendintenipun mboten kedhah nggginakaken tembung utawi ukara susastra ingkang awrat dipunmangertosi menapa dipuntegesi amargi kathah ngginakaken basa kawinipun.
Ananging basa susastra ingkang samadya lan ugi sampun dados pacelathon ing sabendintenipun. Basa susastra ingkang gampil dipuntrapaken ing sabendinteonipun, kadosta parikan, wangsalan, paribasan, sanepo, pasemon ugi basa blenderan.
Menawi dereng dipunlakoni katingal awrat, kedhah dipunpenggalih kanthi sae, lan saged ndadosaken boten sranta kaliyan menapa ingkang badhe dipunandharaken. Ananging sejatosipun menawi sampun kulina saged dados gampil.
Ngginakaken basa susastra ing saben dintenipun saged dopun wiwiti ing pacelathon lumrah kados basa padinan. Ngginakaken basa susayra ing saben dintenipun saged nambahi raketipun pasrawungan, pacelathon saged dados langkung sekeca amatgi saged dados guyonan ingkang maton. Menawi badhe nuturi utawi paring pitutur, ngandani utawi nyemoni boten njalari dados gela, cuwa, nesu utawi runtiking ati.
Ngginakaken basa susastra ing saben dintenipun menika gadhah faedhah antawisipun : ndadosaken kreatif, menawi badhe ngendikan kedhah ngawigatosaken ing selanipun ukara dipunseseli kaliyan tetembungan ingkang endah utawi mangku pasemon. Supados pikantuk kawigatosan lan gampil dados pepiling kangge ingkang dipunajak guneman. Kanthi cara kados mekaten ingkang badhe ngendikan dadoa kreatif pados tetembungan ingkang trep.
Kathah ingkang ngendika bilih lare sakmenika boten mangertosi bilih disemoni, malah langkung ndadra. Panemu jngkang mekaten boten sedayanipun leres, ananging menawi caranipun nyemoni ingkang kirang trep, langkung wantah sanget.
Tuladhanipun menawi ngonangi putranipun ngrokok lajeng dipunsemoni kanthi cara maringi arta putranipun kangge tumbas rokok utawi nyawisi rokok kangge lare lan dipunkengken nelasaken.
Pasemon ingkang kados mekaten ndadosaken lare rumaos dipuntantang, dados ing kalodhangan sanes tetep tasih ngrokok malih. Boten nlesih ingkang dados jalaran lare kala wau nyobi ngrokok. Ananging menawa pasemon wau diwiwiti kanthi dialembana ngangge ukara wangsalan. Tuladhanipun : "kok bagus tenan anakku lanang, wis wani ajar ngrokok. Ben gagah kaya Radhen Werkudara kok ya." Saklajengipun tiyang sepuh nyuwu pirsa kaliyan putranipun menapa ingkang dados jalaranipun ngrokok. Sinten ingkang ngajajari utawi sinten ingkang dipuntiru, utawi wiwit kapan anggenipun ngrokok.
Saklajengipun saged dipuntuturi bahayanipun rokok marang lare. . Kanthi mekaten lare boten ngraosaken cuwanipun manah. Malah saged ndadosaken lare kala wau keprana kaliyan ukaranipun tiyang sepuhipun ingkang ngemu basa susastra kala wau. Lan ugi saged lajeng menggalih menapa ingkag dipunwastani saking ukaranipun tiyang sepuh kala wau. Lan menawi wonten ing kalodhangan sanes menawi boten kepanggih mesthinipun bakal madosi tegesipun, saged nyuwun pirsa kancanipun, madosi medal internet, nyuwun pirsa gurunipun utawi malah nyuwun pirsa kaliyan ingkang nyemoni.
Kanthi cara kados mekaten saged ndadosaken raketipun sesambungan antaranipun putra kaliyan tiyang sepuh. Wonten ing mriki basa susastra minangka badhe miwiti salah awijining pacelathon kedhah sae.
Mupangat ngginakaken basa susastra ingkang kaping klih inggih menika tiyang gesang kedhah sareh ugi sabar, tetembungan lan ukara ingkang badhe dipunginakaken lan ugi badhe dipunngendikakaken kedhah dipuntata rumiyin. Senadyan nembe gela, cuwa, nesu, ananging kedhah saged ngendhalekaken dhirinipun. Tuladhanipun menawi boten kepeneran marang ngendikanipun utawi kancanipun nggarap tugas naning kirang trengginas, klelat klelet boten enggal rampung. Kanthi ukara ingkang sae kadosta " Aku nunggu leh mu nggarap tugas ki bebasan kaya ngenteni mangsa rendheng. Gek suk kapan tekane?" Ukara kados mekaten nuduhaken supados raos bosen nengga saged dipunraosaken marang kancanipun lan enggal-enggal cekat-ceket amggenipun nggarap tugas. Saged ugi gadhahi teges supadoa kanca kala wau enggal-enggal ngrampungaken tugasipun.
Ukara ingkang kados mekaten mboten damel kuciwaning kancanipun amargi rumaos mboten percaya kaliyan garapanipun. Saged ugi menawi badhe ngandharaken raos anyel lan mangkel ingkag dados pasemon ingkang endah malah saged dados wangsulan ingkang endah. Tuladhanipun "Ee.. ana tawon nyekel kembang sepatu. Wis kesel leh mu nunggu ?" Menawi mireng tetembungan ingkang mekaten ingkang dipunsemoni mesthinipun bakal gemuyu, ngraos utawi ngrumangsani salahipun lan kapenak ing sadayanipun. Ugi boten wonten ingkang kuciwa.
Ingkag kaping tiga : saged nggadahi nalr lan raos posotif. Kados ingkag salun dipunandharaken ing inggil, tiyang ingkang badhe migunakaken basa susastra kangge pasemon mesthinipun badhe damel tetembungan utawi ukara ingkang sekeca dipun mirengaken. Boten waton ngendikan. Kanthibmekaten menawi badhe ngendikan kedhah dipunnalar rumiyin lan ugi dipunpenggalih rumiyin. Boten waton ngendikan ingkang saged ndadosaken gela, cuwa, punapa malih laraning manah tiyang sanes.
Pasemon saged ugi ngginakaken basa blenderan. Inggih menika basa ingkang asring dipkesedaken marang teges sanesipun supados ingkang mireng saged anyel ananging boten nesu malah dados gumuyu. Basa blenderan menika langkung becik menawi dipunginakaken kange nyemoni marang kancanipun menawi awak dhewe kirang sarujuk ing panemunipun. Tuladhanipun : menawi wonten ingakng ngendika " Jaman saiki, sapa wonge sing ora doyan dhuwit,”langkung becik menawi dipunwangsuli “Aku dhuwit ora doyan, marga aku dudu rayap, apa maneh dhuwit sing receh, bisa prothol kabeh untuku mengko.”
Basa blendern pasemon ingkang becik kangge ngowahi panemu ingkang kirang dados panwmu ingkang becik. Kanthi cara ingkang kados mekaten kala wau ugi saged dados sarana gladhen olah basa supados dados sekeca basanipun, lanthip penggalihipun, mangertosi marang pasemon ing saklajengipun, gampil anggenipun tanggap ing sasmita.
Rabu, 27 Desember 2017
Minggu, 10 Desember 2017
Cerkak : Jagading Lelembut
Memedi Wetan Desa
dening : hanifah wulanningsih
"Gendruwoooo!!!!!" Jerite mbakyuku merga mangkel tur keweden.
--
Wiwit esuk rasane atiku tansah bungah. Ibuku karo mbakyuku sing lingguh ana jejerku mung melu mesem ngguyu.
"Kowe ki lhoo ndhuk ket mau esuk mung ngguya-ngguyu. Sajak rada kepeneran?" Pitakone ibuku karo ngampet ngguyu
"Ah mboten kok buk, mbotem wonten napa-napa. Buk menawi mangkih ndalu kula badhe medal kaliyan kanca-kanca pripun buk, kepareng napa mboten?"
"Lah emange kowe arep nandi to ndhuk?"
"Mrisani film buk ten bioskop"
"Owalah karepmu ndhuk, ning ojo bengi-bengi le bali. Aja metu dalan wetan desa. Metu kidul desa wae sing dalane radha padhang."
Aku karo kanca-kancaku ora let suwe banjur budhal menyang bioskop. Aku ngepit montor dewe seka menyang nganti mulih. Wengi iki ora kaya biasane. Angin rada njaluk di gatekake. Bulan padha dene le meri. Aku cen sengaja metu wetan desa senadyan di penging kaliyan ibu. Dalan sing luwih cedhak ning ya mada peteng tur iseh akeh wit-witan gedhe.
Mripatku manther nyawang mangulon. Nyawang gapurane desaku sing sedhela maneh arep tak liwati. Alon-alon ana sing mecah lamunku. Suwara sing gawe aku mrinding. Nganti ora krasa yen anggonku numpak montor saya tak banterake. Saya suwe saya cetha suwara iku.
"Eh wul,, wulann!!" Bengoke.
Ora malah tak alonke anggonku numpak montor malah saya ra krasa lehku mbanterke gas montore. Atiku rasane pengin reti sapa kae mau. Tak lirik ana kaca spion ing sisihku, jebul ana motor lanang ing mburiku. Atiku wis ra sewedi mau. Nanging, iku mau sapa kok reti jenengku.
"Wull, kok lagi bali ki seko ngendi ee?" Suwarane wong lanang iku kaya wis tau tak rungokake.
Aku banjur ngalonke lakune montorku. Tak delok ana wong lanang kag pawakane gagah numpak pit montor lanang. Praupane bagus tur resik. Esemane gawe sengseme atiku.
"Siten nggih ?" Pitakonku karo ngapet wedi.
"Ah mosok lali to wul. Aku ki Didik. Mbiyen awake dewe wis tau kepethuk kok. Lali po piye Wull?" Wangsulane.
"Yo sing kae lho wul. Mosok andang lali. Tak terke bali yo. Cah wedok ra wangun mulih yah mene dewean, tur sajak kowe rada keweden" penjaluke Mas Didik nggodha tur meksa.
Ning dalan aku lan Mas Didik padha dene takon ana ing ngendi asal-usule, luwih-luwih alamat omahe. Nanging dheweke ora nyebutake alamat omahe. Mung omong yen omahe ora adoh saka omahku. Malah di slamur nggojeki aku. Ora krasa jebul aku wis tekan ngarepan omah.
"Dhik, iki to omahmu?" Pitakone Mas Didik
"Enggeh mas. Monggo mampir riyin"
"Sesok wae dhik, wis kewengen. Ora kepenak karo tangga-tanggane. Sesok sore wae dhik, budhal kerja aku ameh dolan mrene. Oleh to dhik ?" Penjaluke Mas Didik sing tak saguhi.
Clorote srengenge ana ing sisih kulon ora patio ketok. Sumilir angin krasa adhem nyapu kulit. Mripatku mandheng nyawang mangalor. Nyawang pager omahku kang katon teles kena udan. Teletik grimis turahan udan isih pisan pindho nelesi lemah omahku.
"Dhik" suwarane ngagetke awakku sing lagi maca buku ana ngarep omah.
"Eh mas, mangga lenggah. Kula damelke unjukan rumiyin."
"Ora usah dhik, aku pingin ngajak kowe metu dolan. Apa kowe gelem dhik ?" Pitakone Mas Didik.
"Sekedhap nggih mas. Kula tak pamit ibuk riyin" aku banjur lunga marani ibukku sng lagi masak ana ing pawon. Ibuku wis reti yen aku sore iki bakal dijak metu karo kanca anyarku wingi.
"Awi mas" ajakku karo metu saka omah.
Makaping-kaping pawongan iku mau ngajak aku metu saka omah tumuju panggonan kang suwasane sepi tur ya endah.
Pantai Glagah, patemonku sing mbuh wis kaping pira, ana rasa sing ora bisa tak ampah nalika dheweke nelakake katresnane, aku sakwetara kerem ana ing samudra, udu samudrane pantai glagah, nanging kerem ana ing samudrane katresnanku.
Ora beda karo kasunyatan ing Pantai Glagah. Ing Gunung Kanthil iki uga katut sumilire angin katresnanku. Ing Gunung kantil saktemene aku bingung, amarga nalika iku aku diwenehi kekembangan kang wis alum nanging gandane ora ilang. Tetep ngambar ambune melati.
Awakku karo Mas Didik pancen uwis kurang luwih enem sasi sesambungan nanging aku ngrasa kepenak kaliyan slirane. Mas Didik bisa mapanake awake. Bisa dadi kakang kang ngerti kahanane adhine, uga bisa dadi sesandingan kang pangerten. Uga wis bisa njimuk atine bapak ibuku.
Wengi san saya mrambat, pandenganku iseh tumuju ana ing wong lanang kuwi. Saya suwe saya gawe aku bingung. Saben aku ana ing sisihe dudu ganda parfum sing kaya biasane, manging ganda laya sing wis suwe. Emh... mambu bathang.
"Dhik, kok isa ya dumadi kaya ngene. Aku isa nelakae tresnaku marang awakmu dhik. Dhik, nanging awakmu karo awakku ora bisa sesandingan dhik." Ujare Mas Didik karo mrebes mili.
"Lahh.. merga apa mas" pitakonku bingung
"Awakdewe ra bakal isa dadi siji dhik. Tulung iki singgahno. Tetenger saka awakku dhik" ujare Mas Didik karo menehake barang kang gawe drijiku ora mung manis.
"Apa to masss!! Le jare ora isa dadi siji tapi kok malah menehi cincin?" Pitakonku saya bingung.
"Dhik, yen aku blaka ro awakmu apa awakmu gelem? Nanging kowe aja kaget dhik. Tur sak lebare aku blaka ro awakmu, aku wis ra bakalan ngetok maneh ana ing ngarepmu dhik, aku wis ra kuwat, wedi yen katresnanku saya jero dhik." Ujare Mas Didik ndingkluk.
"Opo sing meh mbok omongke?"
"Aku iki gendruwo dhik"
"Ora, ora mungkin!! Kowe ki uwong!!"
"Tenan dhik." Wangsulane Mas didik karo maleh dadi memedi sing gedhe, dhuwur, ireng, kang sorot mripate gawe wedine sapa wae. Ganda bosok kuwi mau saya nylekit. Kahanan saya nyenyet. Aku tiba ing lemah. Peteng.
Sakjroning aku turu, ora ngimpi ora apa kok ana ambu sing wangi. Alon-alon mripatku nginjen kahanan. Aku kaget. Ning pikiranku werna-werna. Kok aku isa ana ing papan kaya ngene. Ohh.. Aku ijeh ana ing panggonanku mau. Tak sawang meneh, apa iku memedine Mas Didik.
"Piye dhik, wis sadar awakmu. Dhik, apa awakmu iseh wedi ora karo aku? Yen awakmu wedi aku bakal sumingkir dhik" Ujare karo memundur, ngadoh sak awakku.
"Mas tulung, maleho dadi wujud manungsa, kowe bagus yen dadi manungsa. Aja mbok tinggal awakku dhewekan. Aku tresna awakmu mas. Kancanana aku saben wengi wae. Aku malah wedi yen awakmu ninggal aku. Aku bakal kelingan karo wujudmu sing mau yen kowe ra nyandhing aku" penjalukku karo nagis ngguguk.
"Iya dhik." Wangsulane maleh dadi manungsa maneh banjur marani aku ngekep aku. Lan ngeterke aku bali.
Saka kadohan wis ketok yen ibuku, bapakku, karo mbakyuku ana ing ngarep omah. Sajak kuatir ngenteni aku sing baline kewengen.
"Gendruwoooo!!!!!" Jerite mbakyuku merga mangkel tur keweden.
"Ndhukk!! Ngadoho saka wong iku! Iku udu uwong!!" Bapakku mrebes mili karo nggeret tanganku ngadoh saka Mas Didik.
Ibuku mung nangis. Ora bisa muni apa-apa. Aku saya bingung, kudu piye anggonku nglakoni. Aku manungsa nanging aku tresna karo gendruwo
"Ning aku tresna pak!!!"
"Ora.. pokok e ora!!!" Bapakku nggeret aku mlebu omah.
"Kae ki gendruwo sing manggon ning wit randhu wetan desa. Sadar to wul!!!!" mbakyuku nangis kekejer.
Lebar iku pancen aku wis ratau maneh ngajak Mas Didik bali ing ngomah maneh merga mbakyuku keweden nganti di suwukake bola-bali nanging ora ilang kewedene. Bapakku mageri omah nganggo donga-donga. Nanging, aku iseh kerep ketemu ana ing njaba omah sing panggonane sepi tur endah utawa aku marani ono ing omahe, ing wit randhu alas wetan desa karo nggawa cincin sing diwenehake marang aku. Uga tak gawa kembang melati sing dadi kesenegane Mas Didik. Senadyan beda alam, nanging aku tresna awakmu Mas Didik, Gendruwoku.
Jumat, 01 Desember 2017
Geguritan
Mung Carita
dening : Hanifah Wulannigsih
Ing wantarane lingsir lan esuk
Tansah kelingan nalikane jejer sesandingan
Tetembangan ati lan tresna kang dadi asmara
Grimis ngriwis nambahi asrepe ati
Langit peteng ndhedhet sansaya atis
Pancene kleru anggonku nata tresna
Umpamane slirahmu ngerti sakjroning atiku
Ora bakal sliramu dadi pedhut kang kasaput
Ilang bareng tekane srengenge
Kaya bun kang tumetes siya-siya ing lemah teles
Kanggo tetambah eluhku nelesi pipiku
Kabeh iku wis ora kena digetuni,
Kabeh wis ginaris dening Gusti
Ati sing nggasak atosing tembok
Ora ngrasakake tatu sing kebak getih
Amung tatu tanpa getih, ajur
Nangung saiki uwis muspra
Ing geguritan iki
Awakku amung pingin kandha
Yen atiku ngranta ngayawara
dening : Hanifah Wulannigsih
Ing wantarane lingsir lan esuk
Tansah kelingan nalikane jejer sesandingan
Tetembangan ati lan tresna kang dadi asmara
Grimis ngriwis nambahi asrepe ati
Langit peteng ndhedhet sansaya atis
Pancene kleru anggonku nata tresna
Umpamane slirahmu ngerti sakjroning atiku
Ora bakal sliramu dadi pedhut kang kasaput
Ilang bareng tekane srengenge
Kaya bun kang tumetes siya-siya ing lemah teles
Kanggo tetambah eluhku nelesi pipiku
Kabeh iku wis ora kena digetuni,
Kabeh wis ginaris dening Gusti
Ati sing nggasak atosing tembok
Ora ngrasakake tatu sing kebak getih
Amung tatu tanpa getih, ajur
Nangung saiki uwis muspra
Ing geguritan iki
Awakku amung pingin kandha
Yen atiku ngranta ngayawara
Kamis, 23 November 2017
Geguritan
Sore lan udan
Dening : Hanifah Wulanningsih
Tetese udan wis ora gelem mandheg
Nggrujug dunya, nelesi atiku
Langit ing awang-awang kebak mega
kang lagi sesrawungan karo abange sore
Padha-padha bisu ora guneman
Ora gelem padha mesem apa maneh aruh-aruh
Mung Kadang kala krungu dhehemmu saka kadohan
Ing jeroning derese udan lan bantere angin
Adhem kang nggawa kakune swasana jingga
Srengengne uga wis wegah ngguyu
Nambahi nyenyete jagad pasrawungan sore iki.
Dening : Hanifah Wulanningsih
Tetese udan wis ora gelem mandheg
Nggrujug dunya, nelesi atiku
Langit ing awang-awang kebak mega
kang lagi sesrawungan karo abange sore
Padha-padha bisu ora guneman
Ora gelem padha mesem apa maneh aruh-aruh
Mung Kadang kala krungu dhehemmu saka kadohan
Ing jeroning derese udan lan bantere angin
Adhem kang nggawa kakune swasana jingga
Srengengne uga wis wegah ngguyu
Nambahi nyenyete jagad pasrawungan sore iki.
Rabu, 22 November 2017
Geguritan
Rindu
Dening : Hanifah wulanningsih
Aku lemah kang ngrerindu tekane srengenge
Aku pasir kang ngenteni lunganing banyu
Aku cecarangan kang ngenteni tekane srengenge
Dak titipake sathitik rasa percayaku
Pas ing jero telenging ati
Sing tak rasa yen iki mau tresna
Mendhung kang nutupi nilaning langit
Ora bisa nutupi sorote endahmu
Opo maneh yen kowe netesake eluhmu
Warnamu tetep padha
Ora bunder, nanging tetep endah tak sawang
Aku ngrerindu slirahmu
Ing ngisor derese udan
Lan ing awang-awang
Kang dadi wewayangan
Dening : Hanifah wulanningsih
Aku lemah kang ngrerindu tekane srengenge
Aku pasir kang ngenteni lunganing banyu
Aku cecarangan kang ngenteni tekane srengenge
Dak titipake sathitik rasa percayaku
Pas ing jero telenging ati
Sing tak rasa yen iki mau tresna
Mendhung kang nutupi nilaning langit
Ora bisa nutupi sorote endahmu
Opo maneh yen kowe netesake eluhmu
Warnamu tetep padha
Ora bunder, nanging tetep endah tak sawang
Aku ngrerindu slirahmu
Ing ngisor derese udan
Lan ing awang-awang
Kang dadi wewayangan
Rabu, 15 November 2017
Geguritan
Chating
dening : Hanifah Wulanningsih
Sengseme ati ra bisa tak silakake
Mripat iki sesumbar ora sabar
Nalika swara iku nggugah awakku
Kedhiping lampu kang ndudut raga iki
Gawe gumregahing langit bengi
Alon-alon tulisan iku ngelus atiku
Ukara iku nggeret guyune lambeku
Basa kang nunjem sakjroning iga-iga
Agawe ndhredeg jagad iki
Ra krasa tetembungan iku wis nggusah cunthele pikiranku
Dadi seseratan kang ngruket sarira iki
Ojo sumelang
Atiku bakal menehi walesan
Lewat tetembungan
kang bakal nguripake tresna
Senadyan bakal kepangan mangsa
dening : Hanifah Wulanningsih
Sengseme ati ra bisa tak silakake
Mripat iki sesumbar ora sabar
Nalika swara iku nggugah awakku
Kedhiping lampu kang ndudut raga iki
Gawe gumregahing langit bengi
Alon-alon tulisan iku ngelus atiku
Ukara iku nggeret guyune lambeku
Basa kang nunjem sakjroning iga-iga
Agawe ndhredeg jagad iki
Ra krasa tetembungan iku wis nggusah cunthele pikiranku
Dadi seseratan kang ngruket sarira iki
Ojo sumelang
Atiku bakal menehi walesan
Lewat tetembungan
kang bakal nguripake tresna
Senadyan bakal kepangan mangsa
Selasa, 07 November 2017
Paribasan Jawi
Aja bungah ing pangalem, aja susah ing panacad.
Tiyang gesang boten angsal sombong. Tegesipun tiyang gesang kedhah mawas dhiri, murba dhiri, saged nimbang kanthi wicaksana nalika ngadepi pacoban lan nalka dipunina tiyang sanes. Tiyang bungah mbote kirang pangalem satemah mboten keparemg sombong lan kedhah andhap asor. Tiyang gesang menika kedhah imbang.
Aja nggege mangsa
Ampun dados tiyang ingkang remen ngowah-owahi mangsa. Ingkang dipunwastani ngowah-owahi mangsa menika gegayutam kaliyan takdir ingkang sampun ginaris dening Gusti. Pramila, kadadosan ing alam dunya menika prayoginipun boten dipunpeksa, dipuncepetaken utawi dipun alonaken. Kadadosan ing alam dunya menika sampun gadhah wekdalipun piyambak-piyambak ingkang sampun ginaris dening Gusti.
Cakra manggilingan
Gesang menika kadosta roda ingkang tansah mubeng. Wonten wekdalipun rikala wonten ing ngandhap lan ugi wonten wekdalipun rikala ing inggil. Cakra menika tansah mubeng lan badhe mandheg nalika sampun kersanipun Gusti. Rikala wonten ing ngandhap kedhah sabar lan tawakal. Nanging nalika wonten ing ngiinggil mboten pareng sombong, lali marang asalusulipun. Lan rikala sampun wekdalipun, tiyang gesang ugi badhe dipundhut dening Gusti.
Ngono ya ngono, ning aja ngono
Tiyang gesang kedah gadhah raos tepa salira marang liyan lan kedhah saged ngurmati marang sanesipun. Ugi kedhah gadhah watesan ing panjangkahipun. Tegesipun ngarahaken geaang supados saged ngarahaken gesang supadoa saged natrapaken dhiri lan angon mangsa. Menawi ngendikan kedhah dipunpenggalih rumiyin. Mboteng kenging adigang adigung lan adiguna.
Giri lusi janma tan kinira
Senadyan mlarat (katingal mlarat) nanging boten kenging dipunina(disepelekake, dianggep asor). Ngina sapadha-padhaning titah ndadosaken patrap ingkang boten becik. Sejatosipun manungsa manika sami. Dene ingkang mbedakaken siji lansijinipun namung amal padamelanipun. Unen-unen menika nuturi, ampun ngantos biji manungsa saking babagan kasatmripat mawon. Jalaran menawi namung ngangge landhesan ingkang katingal. Dereng mesthi tiyang ingkang nyandhang panganggenipun nglomprot menika tiyang mlarat.
Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak
Nadyan ala menawi tasih sedherek. Rikala sengsara boten mentala. Tiyag gesang menika tamtunipun gadhah sedherek ingkang ala ugi ingkang sae. Sesherek ingkang ala menika tamtunipun asring adamel cuwanipun manah. Ananging rikala sedherek ingkag ala menika kasusahan, kedhah dipunbiyantu. Tiyang gesang menika wajib bantu-biyantu. Mila sakalanipun sedherek menika tasih sedherek ingkang kedhah dipunbiyantu.
Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati
Paribasan menika sejatosipun ngandharaken bilih lemah utawi ajining dhiri lan kamulyan kangge tiyang jawi menika salah satunggaling babagan ingjang wigati lan taruhanipun nyawa. Dumuk bathuk kangge tiyang jawi menika saged dipunanggep ngina. Semanten ugi ngesur tanah ingkang naung sak driji. Sadumuk bathuk menika saged ateges pria utawi wanita ingkang sampun emah-emah boten pareng dipundemok tiyang sanes ingkang boten mahramipun. Menika pralambang kehormatan utawi ajining dhiri. Tegesipun, kekalihipun boten saged dipuntingali dados salah satunggaling babagan ingkang sepele. Menawi kekalihipun dipunlanggar, nyawa dados taruhanipun.
Emban cindhe emban siladan
Tegese ingkang setunggal dipungendhong ngangge slendhang, setunggalipun dipungendhong ngangge siladan pring. Paribasan qau nggambaraken pemimpin, tiyang sepuh, utawi panguasa nanging remen mbedakaken rakyatipun (anak-anake). Rakyat utawa anak ingkang diremeni anggenipun nggatekaken linuwih. Penyuwunipun dipunturuti, dipunkepenakaken, dipunalem ngaler-ngidul. Dene rakyat utawi anak ingkang boten dipunremeni, anggenipun nggatekaken prasasat namung waton. Leres dipunluputaken, luput mboten dipunleresaken, nanging malah dipunawonaken. Tiyang gesang kedhah dipunsukani kawigaten ingkang sami. Mbiji ampun namung pathokan remen lan boten remen.
Omong sing maton, aja mung waton ngomong
Ateges rikala guneman kedhah nggatosaken dasar utawi pokok pawicantenanipun, ampun waton guneman. Unen-unen menika ngemot ajaran minangka tiyang guneman kedhah ngatos-atos. Kedhah nggatosaken menapa ingkang badhe dipunandharaken. Ngendikan kaliyan tiyang ingkang sepub kanthi hurmat, lan sopan. Guneman ingkang waton saged saged ndadosaken kirang sae kangge ingkang guneman.
Sangkan paraning dumadi
Ukara menika ngemot pitutur kangge tiyang sanes bilih gesang menika kedhah eling lan waspada. Rikala tiyang gesang sampun maggenaken dhiri kangge eling lan waspada tumprap gesangipun, mila tiyang menika kedhah saged ngampet emoainipun lan ngampet nafsu ingkang boten sae ing manahipun. Eling sangkan paraning dumadi ateges eling asal dan tujuan gesang. Sangkan paraning dumadi gadhah ajaran bilih tiyag gesang kedhah eling asal usulipun lan akhir saking gesangipun. Kekiyatan tiyang jawi tumprap Gusti ingkang Agung lan wontenipun gesaang sanesipun saklajengipun dunya utawi akhitat. Tiyang jawi kedhah nyepakaken saangu kagge wangsul wonten ngarsanipun Gusti.
Memayu hayuning bawana
Menungsa menika gesang ing alam dunya kedhah ngupadosaken kaslametan lan kabagyan sarta karaharjan. Tiyang gesang kedhah njagi lerstarining alam dunya lan njagi sikapipun amargi sedaya kemawon ing alam dunya bakal wangsul wonten ing piyambaikpun. Watak lan solah bawa tiyang gesang ndadosaken slametipun dunya. Manungsa kedhah nglampahi padanelaj ingkang mupangat kangge tiyang kathah. Pramila, tiyang gesang kedhah anggadahi solahbawa ingkang ndamel katentremanipun dunya. Mboten ngrusakaken tatanan dunya. Memayu hayuning bawana saged ugi dipuntegesi njagi tentremipun dunya.
Mikul dhuwur mendhem jero
Mikul dhuwur menika ngajeni tiyang sepuh. Digambaraken nalika ngusung jenazah. Kedhah dipunpikul, boten kenging dipungotong. Mila, sedaya jasanipun tiyang dipunajeni temenan. Pituturipun dipuniugemi, pawenehipun dipuniuri-uri.. Dene mendhem jero, dipun tingali saking caranipun mendhem jenazah ingkang paling sekedhik kedhah sadedeg sapengawe. Mboten kenging namung sedhengkul. Awit jasadipun manungsa menawi sampun bosok bakal mambu, menawi anggenipun ngubur cethek, saged sumebar gandaniipun. Tegesipun tiyang sepuh gadhah dosa luput ing alam donya. Pramila, lare kedhah “mendhem” dosa luput kanthi rapet. Ampun mbeberake menyang liyan.
Anjagakake endhoge si blorok
Tegesipun Ampun njagakaken ingkang dereng mesthi. Patrap seneng njagakake menapa kemawon ingkang dereng tamtu kelakon (kasunyatan), boten dipunsarujuki dening wong Jawa. Awit sinten kemawon ingkang gadhah pakulinan njagakake wau mesti kirang mersudi, kirang temen, lan ngenthengaken samubarang. Menawi ingkang dipunjagakaken netes (kelakon), menawi boten malah namung kapiran. Kamangka, sajroning pangarep-arep sampun mesthi kicalan wekdal, kicalan wragad, lan sapanunggalanipun. Langkung sae menawi usaha piyambak.
Banyu pinerang
Pasulayane sedherek enggal rukun malih. Banyu menika boten saged dipunperag. Kadosta pasedherekan. Rikala tunggal sedherek sami tukaran, tamtu boten dangu bakalan akur malih, amrgi pasedherekan boten saged dipunpedhot. Rikala tukaran tamtu wonten ing manah ngraosaken luput lan boten ayem. Pramila tiyang gesag kedhah njagi pasedherekan supados boten wonten tukaran ingkang kirang sae.
Berbudi bawa leksana
Remen weweh lan netepi janjinipun. Tiyang gesang kedhah netepi janji ingkang sampun dipunucap. Sesrawunganipun kedhah adil lan wicaksana. Berbudi menika sikap para pamimpin ingkang remen weweh lan ngupadosaken karaharjan dhateng para rakyatipun. Watak berbudi bawa leksana mujudaken watak ingkang becik. Awit pemimpin ingkang gadhah watak kados mekaten saged ndadosaken rakyatipun ayem, tentrem, lan marem.
Dudu berase ditempurake
Nyela gunemanipun tiyang sanes, ananging boten trep. Asring ngangge menapa kemawon ingkang boten kagunganipun. Medhot gunemanipun tiyang sanes, wicantenan nanging boten trep kaliyan ingkang dipun bahas, sedaya menika boten sae. Remen nyelani gunemanipun tiyang sanes menika boten wonten faedahipun. Pramila sakderengipun wicantenan kedhah wonten tatacaranipun ingkang sae. Dipunpenggalih malih sakderengipun gineman utawi wicantenan.
Guyon parikena
Guyon parikena ateges guyon ingkang gadhah maksud kangge nyemoni ananing mboten langkung kasar. Guyon menika biasanipun dipunangge para pegawai tumprap inggilipun. Guyon menika boten dipuntujukaken kangge tiyang ingkang langkung dipunhurmati. Kadosta guyon ingkang ngemot pasemom ingkag wigati ing saklebetipun pakempalan.
Kalah cacak menang cacak
Tegese kalah utawi menang, kasil ora kasil, bakal dipuncobi. Paribasan menika nggambaraken golong giligipun tekad nyobi ngayati padamelan ingkang dereng dipunmangretosi kasil menapa botenipun. Patrap kados mekaten umumipun dipunlampahi dening pawongan ingkang kepepet. Upamanipun pados padamelan lajeng wonten ingkang nawani, dipunsaguhi ananing dereng tamtu dipunlakoni. Tiyang ingkang sakderengipun tasih ajrih utawi was-was nglampahi sawijining pakaryan, menawi sampun ngendika: kalah cacak menang cacak lajeng boten miyar-miyur malih. Lajeng madhep manteb, kasil orane, petungan mburi.
Sabtu, 04 November 2017
Instagram Kangge Sarana Panyebaraning Budaya
Budaya Jawi menika kathah warnanipun kadosta upacara adat, tatacara gesang sabendintenipun, seni, lan sapanunggalanipun. Globalisasi menika saged ndamel budaya jawi menika kawentar ing dunya. Kanthi piranti medal HP budaya jawi sages dipuntepangaken ing sedaya kemawon kanti lantaran media sosial, internet, lan sanes-sanesipun.
Media sosial lan internet saged dipunginakaken kangge ngandharaken menapa kemawon ingkang wonten ing Jawi. Salah satunggaling tuladha menika wontenipun Instagram. Instagram saged dados salah satunggaling cara nepangaken budaya Jawi. Wonten ing Instagram menika saged dipunginakaken kangge mawartosaken menapa kemawon, kadosta upacara adat, wayang, daharan, papan wisata, jadwal upacara adat lan sanes-sanesipun kanthi foto utawi video ingkang dipunjangkepi kaliyan katrangan saking foto utawi video kasebat.
Adicara utawi babagan ingkang dipunupload wonten instagram menika langkung gampil dipunmangertosi satemah saged dipuntampi sinten kemawon ingkang bikak akun menika. Babagan ingkang dipunandharakem menika dipundamel dhatengaken raos sengsem ing pamaos, kadosta foto utawi video ingkang sae, katrangan ingkang jangkep lan leres ugi saged dipunpercaya, basa ingkang dipunginakaken ugi kedhah trep lan sae. Basa ingkang dipunginakaken saged basa Jawi, basa Indonesia, utawi basa Inggris. Basa ingkang trep saged ndamel kathah pamaosipun ingkang saged ndadosaken informasi kala wau pawartos utama.
Instagram dipunjangkepi sarana ingkang adamel postingan menika gampil dipunpadosi, tuladhanipun wontenipun hastag utwai tagar (#) ingkang nggampilaken para pamaos madosi menapa ingkang dados penggalihipun piyambak-piyambak, kadosta #wayang, #batik, #kraton, lan sapanunggalanipun.
Sanesipun hastag ugi wonten pamadosan saking papan dipundhutipun foto utawi video, tuladhanipun Yogyakarta, Kota Gedhe, lan papan-papan sanesipun ingkang kathah budayanipun ingkang saged dipuninformasikaken kangge para pamaos.
Wonten Instagram ugi saged dipunparingi papan pangenanipun nalika upload lan sinten ingkang badhe dipun tag/dipun tandani wonten foto utawi video ingkang badhe dipunupload wonten Instagram. Instagram ugi dipunjangkepi maneka warna pilihan rikala badhe upload foto utawi video satemah saged langkung damel para pamaos kepincut kaliyan budaya jawi.
Wontenipun Instagram menika saged ugi ndamel kathah tiyang mancanagari ingkang sami tindhak dhateng Indonesia mliginipun ing Ngayogyakarta kangge sinau budaya Jawi. Katrangan-katrangan ingkang ngandharaken maneka warni budaya Jawi dipunandharaken ngginakaken basa Inggris menika saged ndadosaken para masarakat mancanagari eram kaliyan budaya Jawi. Saking raos eram menika saged ndadosaken Budaya Jawi budaya kawentar wonten ing pundhi kemawon bilih budaya jawi menika langkung sae.
Instagram ugi saged dados sarana pasinaon ingkang gampil dipuntampi. Kanthi cara panyugatanipun ingkang kreatif, Instagram menika ugi langkung dipunremeni tiyang enem, informasi ingkang dipunandharaken saged dipuntampi sedaya lapisan masarakat.
Rabu, 01 November 2017
Dolanan Bocah
Benthik
Benthik punika deling apus tutup ros, ing pucuk dipunbolong sekedhik, lajeng dipuniseni wedhi sakebakipun supados awrat, lajeng dipunsumpeli rapet. Mawi janak kajeng gilig alit, panjangipun sajengkal.
Lare benthik mawi kekancan ingkang sami tandhinganipun, ageng sami ageng, alit sami alit, utawi babag ageng alitipun, kadosta: lare sedasa kapilih ngalih dados gangsal rakit, tumunten adamel sala kawedhar, gangsal rakit wau pinilih dados gangsal sisih, inggih punika dados tandhinganing memengsahan, lajeng kaundhi, ingkang kadhawahan undhi uthat rumiyin.
Uthat punika janak dipunselehaken ing selanipun banon tugelan jejer kalih, wiyaring gonggonganipun namung sadeling ingkang kadamel Benthik, tumunten katimbang ingkang wawratipun kaliyan pucuk Benthik ingkang dipun dekekaken ing ngandhapipun. Bongkatipun dipuncepeng ing tangan kalih, lajeng kalawataken kaliyan benthik wau dipuntampani ing mengsahipun. Menawi saged ketampanan; pejah, menawi boten: Benthik kapasang kaalangan wonten sakiwaning banon, katuju ing janok, ingkang nuju nedha kagonggong utawi karapetaken kaliyan banon, punapa sasenengipun, menawi panujunipun kenging mengsahipun lajeng uthat malih gentos-gentos ngantos kaping gangsal, nanging menawi panampi sarta panujunipun lepat: pejah, mengsahipun lajeng wiwit odor, mbucal janok tebihipun kakinten sampun ngantos kenging dipunlumpati, lajeng dipuntalorong ing benthik.
Kentasing janak males utawi gumulung ing Benthik. Pundi ingkang tebih punika ingkang kapilih dodos metesipun odor ingkang kaping kalih. Ngantos pejah luput panujunipun dipungentosi odoring kancanipun. Agentos-gentos dumugi odor ingkang kaping gangsal, nanging menawi anggenipun mbucal janak kacelaken, kenging dipunlumpati, nama : dipuncengi, menawi dipunayati lumajeng saking katebihan dumugi ing wates mancat siti kasirokaken bablas lumpatipun; pejah, menawi cupet: tasih gesang sarta lajeng odor malih, mila lare benthik ngantos tebih purugipun. Wangsulipun dhateng panggenanipun, ingkang menang dipungendhong dhateng ingkang kawon. Ilonipun sakewit piyambak-piyambak. Ingkang babag agrng alitipun, inggih punika ingkang minangka toh. Tumunten ingkang kawon gentos mbucal janak agegentosan. Menawi panampi sarta panujuning janak mengsahipun lepat, lajeng odor, nanging menawi tansah kenging , gentos mbucal janok. Mekaten salajengipun dumugi ingkang baud utawi beja: menang kerep dipungendhong
Rabu, 25 Oktober 2017
Cerkak
Ambruk
dening : Hanifah Wulanningsih
Pelik-pelik diane teplok wis gari sithik lengane ora digatekake karo bocah wadon ana ing jero kamar pojok kana kae. Bocah iku katon sengkut anggone nylurupake benang, mbenakke klambi sing suwek lengene. Klambi siji-sijine sing di duweni kanggo mangkat ngangsu kawruh.
"Ruk, yah mene kok durung bobok ?" Ujare Bu Karyo."Sekedhap malih Mbok, tasih kirang sekedhik." Ujare Rukmini.
"Ndhuk, jane Simbok pengin ngomong karo kowe." Penjaluke Bu Karya karo ngelus rambute Rukmini.
"Wonten napa ta mbok? Mangga lho.. kok malah kaya arep nangis to mbok ?" Pitakone Rukmini bingung.
"Piye yo ndhuk. Simbok ra isa nerangke" ujare Bu karya netesake eluhe.
"Lah napa ta mbok?" Rukmini tambah bingung karo omongane Bu Karya.
"Jane simbok ki wegah nglebokne awakmu ning masalahe simbok, ning simbok wingi wis kepojok ndhuk" wangsulane Bu Karya sing tambah gawe bingunge Rukmini.
"Mbok, napa ta mbok?!"
"Seminggu kepungkur Pak Brata mrene, nagih dhuwit sing Simbok jilih kanggo mbayar sekolahmu kae, ming kepiye maneh, Simbok ra sanggup nutup kabeh utang-utang iku." Bu Karya crita sinambi mrebes mili ora bisa nerusake ceritane.
"Ruk umpama awakmu dipek bojo Pak Brata gelem ora ndhuk ?" Pitakone Bu Karya karo ngampet nangis tur suwarane lirih, ngarep-arep ukara kuwi mau ora nglarani atine anak wedok siji-sijine sing wis ditinggal bapakne mbuh sangkan parane nalika Rukmini iseh bayi.
Rukmini ndredheg, kaya dene kesamber petir. Lambene blangkemen. Atine keranta-ranta pengin mbengok sak kuwate.
"Rukmini, anakku wedok, aku kudu kepiye ndhuk, sesok Pak Brata ndhene nagih janjiku le semaya seminggu." Ujare Bu Karya."Mbok, kula ndherek kersane Simbok mawon." Semaure Rukmini karo netesake eluhe.
Kaya wegah tangi esuk iki, biasane Rukmini tangi mruput dhewe banjur ngewangi Simbokne masak kanggo dodol ana ing sak ngarepe omahe. Dina iki kabeh ora kaya adate. Wis semplah rasane awake Rukmini mikir apa bisa aku dadi bojone Pak Brata sing kondhang kejem tur pelit. Pak Brata, duda anak siji sing ditinggal mati bojone limang tahun kepungkur sing gaweyane nyilihi dhuwit kang biasane diarani "bang plecit" amarga tukang meres sapa wae sing ora bisa nyaurutang.
"Ruk, ndhuk, apa uwis tangi awakmu ?" Pitakone Bu Karya."Sampun Mbok"
"Rene ndhuk, tak omongi, mau Pak Brata wis mrene, nagih wangsulane simbok, simbok mau wis omong yen slirahmu gelem dadi bojone Pak Brata" ujare Bu Karya karo ndhingkluk ra kuwat ngematke Rukmini.
"Sampun Mbok, mboten napa-napa" wangsulane Rukmini kari ngampet nangis."Sesok, apa engko sore awakmu kon ngewangi reresik omahe Pak Brata, apa gelem ndhuk ?" Pitakone Bu Karya.
"Mboten napa-napa mbok, mangkih kula tak mrika" semaure Rukmini abot.
Di seret-seret anggone nggobahke sikil mara ing omahe Pak Brata sing gedhe kae. Ndredheg anggone nyekel pager. Pikirane ngayawara ketok ngendi wae. Apa sing bakal dak lakoni ana ing omah iku. Alon-alon karo ngampet eluhe, Rukmini mlebu omahe Pak Brata. Ing ruang tamu ketok ana uwong kakung kira-kira umure 45 lingguh ana ing kursi karo ngombe kopi.
"Eh cah ayu, wis ketok kene awakmu? Kene kene lingguh dhisik jejer aku" kongkone Pak Brata sinambi nggeser anggone lingguh."Sampun pak, kula ten mriki mawon" wangsulane Rukmini karo lingguh ndheprok ana ing cerak lawang karo ngampet nangis.
"Uwis ta ndhuk rene, rapapa" ujare Pak Brata sinambi ngadeg marani Rukmini. Rukmini mung isa meneng wae. Pikirane ngayawara ketok ngendhi wae.
"Ruk, tulung tatanen kamar iki, mbok resiki nganti resik. Kira-kira penak nek sesok meh mbok nggoni" ujare Pak Brata karo meruhi kamar sing ameh di resiki. Pak Brata banjur lunga menyang kamare.
Lambene Rukmini mbisu. Awakke kaku. Ning pikirane mung ana pitakonan kang ora-ora. Ora let suwe Pak Brata bali ing kamar iku karo nyangking tas-tas.. sajak sing ono ing jerone kui piranti sing larang.
"Ruk, cah ayu, ndhene dhilit ndhuk. Iki ndhuk, aku ana klambi nggi awakmu. Engko nek wis rampung le reresik omah iki di gawa bali, rasah sumelang, iku kabeh anyar tur apik-apik ndhuk. Lak engko kowe ketok tambah ayu. Oh iya. Njur iku ing jerone ana kaperlian liyane sing mbok butuhne" ujare Pak Brata karo ngenehake tas-tas iku.
Sakwise rampung. Rukmini pamit bali. Ananging di gondheli karo Pak Brata."Sik-sik ndhuk,lhooo.. lah endi tas-tas iku mau? Kok ora mbok gawa? Reneo dhilit ndhuk karo aku nduwe pitakonan nggo awakmu!" Ujare Pak Brata rada nesu.
"Ruk, apa gelem awakmu tak pek bojo? Gelem to ndhuk? Nek umpama gelem, sesok sore awakmu tak lamar sisan golek dina apik nggo ijab." Pitakone Pak Brata rada meksa sing gawe awake Rukmini kaya kepaku.
"Nderek mawon pak"
Adicara lamaran wis kalaksanan. Dina apik sing ameh dienggo ijab wis di olehi. Seminggu meneh penere. Kaya wis kepaten, Rukmini dadi kerep ndomblong, pikirane kadang nyok kothong. Linglung. Dijak omong ora sambung. Anane mung meneng wae.
Esuk iki ra kaya esuk sing biasane. Rukmini ora katon sedhih. Malah sak walike. Katon sumringah. Embuh setan ngendi sik nemplek ana awake Rukmini kang gawe awake ora kaya adate."Mangga buk, saged dipunwiwiti" ujare Rukmini sing ameh dipaes manten.
Alon-alon tukang paes mau ndadekake Rukmini dipanglingi sapa wae. Cundhuk mentul sak perangane sik ana ing sirahe iku nambah mrengile Rukmini. Klambi bludru iku yo luwes ana ing awake Rukmini.
"Ndhuk, ayu tenan kowe ndhuk." Ujare Pak Brata sinambi ngelus pipine Rukmini sing ana ing jero kamar kang adoh saka pawongan kiwa tengen.Teka-teka tangane Rukmini ngranggeh cunduk mentul sing ana sirahe. Dielus elus sisih lancipe saka pitung cundhuk mentul iku. Rambute sing mau digelung apik dadi awul-awulan.
"Ndhuk, lah kok cundhuk mentule mbok copot ki ngapa?" Pitakone Pak Brata bingung.
"Boten napa-napa pak, namung mboten kepenak. Pak, kula gadhah panyuwunan pak" wangsulanne Rukmini karo mesem sing gawe luluhe sapa wae.
"Namung niki pak!!!" Rukmini ngguyu sak pol e karo nujem wetenge Pak Brata ping bola-bali. Getih-getih padha muncrat, riasane sing maune ayu wis ilang kebak getih. Bocah sing biasane manutan saiki maleh dadi uwong sing ketegelen.
"Ndhuk kowe ngapa ndhuk? Kena setan ngendhi kowe ki?" Pitakone Pak Brata karo ngampet lara
"Aku mung pengin kowe mati ben aku ra sida dadi bojomu!! Ben ora mbok siksa. Ben aku isa ucul seka kowe!! Matiooooo kowwee" Rukmini semaur karo ngguyu kemekelen. Nandakake digdayane. Tangane ora leren nujemi awake Pak Brata.
"Ndhuk, kowe salah tampa ndhuk, ora kaya ngono ndhuk. Aku mung pengin kowe isa sekolah meneh. Isa dadi wong sing migunani. Isa sukses. Aku ra pengin nduweni awakmu. Aku mung pengin ngopeni kowe. Ben kowe ora salah dalan" Ujare Pak Brata karo nangis ngampet lara njaba njero."Ngapuuussiiii!!!!!" Rukmini mbengok.
"Te.. na.." durung rampung anggone Pak Brata wangsulan. Teka-teka awake hoyag. Mripat sing mau ngetokake eluh saiki wis ra isa diobahake. Pak Brata wis nusul bojone sing wis limang tahun kepungkur di pundhut Gusti.
Rukmini sing mau wis kelangan akal. Teka-teka saiki mung nangis ing pojokan kamar. Awake kebak getih merga polahe. Rukmini kamitenggengen ndelok apa sing wis dilakonine. Rukmini bengak-bengok sajak rada bingung kudu kepiye saiki. Pikirane morat-marit.
"Aku ngappaaaaaa!!!!"
"Huuuaaahhh... Mesthi bariki aku dikunjara. Digebuki. Po malah dipateni" Rukmini nakoni awake dewe karo ndelok tangane sik kebak getih.
"Orak. Aku ra di kunjara. Hahaha... Aku ra bakalll di kunjaraa. Hahahaha... Oh.. saiki aku bakal di kunjara. Ahhhhh.. kudune aku mau nyaguhi apa karepe wong iku" Rukmini nangis kekejer merga gela ndelok polahe.
Sing ana ing pikirane Rukmini kedadeyan. Angen-angene bakal dadi wong sing sukses ora kedadeyan. Saiki awake di kunjara luwih-luwih kahanane saya ngenes. Antarane edan karo ora.
Rabu, 18 Oktober 2017
Sekar Dhandhanggula Serat Wulangreh
Pamedare wasitaning ati
cumantaka aniru Pujangga
dhahat muda ing batine
Nanging kedah ginunggung
datan weruh yen keh ngesemi
ameksa angrumpaka
basa kang kalantur
turur kang katula-tula
tinalaten rinuruh kalawan ririh
mring padanging sasmita
Sasmitaning ngaurip puniki
mapan ewuh yen ora weruha
tan jumeneng ing uripe
akeh kang ngaku-aku
pangrasane sampun udani
tur durung wruh ing rasa
rasakang satuhu
rasaning rasa punika
upayanen darapon sampurna ugi
ing kauripanira
cumantaka aniru Pujangga
dhahat muda ing batine
Nanging kedah ginunggung
datan weruh yen keh ngesemi
ameksa angrumpaka
basa kang kalantur
turur kang katula-tula
tinalaten rinuruh kalawan ririh
mring padanging sasmita
Sasmitaning ngaurip puniki
mapan ewuh yen ora weruha
tan jumeneng ing uripe
akeh kang ngaku-aku
pangrasane sampun udani
tur durung wruh ing rasa
rasakang satuhu
rasaning rasa punika
upayanen darapon sampurna ugi
ing kauripanira
Jumat, 13 Oktober 2017
Tahu walik
Tahu Walik Special
Bosan dengan tahu bakso yang gitu-gitu aja.
Nih cobain. Tahu bakso dengan sensasi yang beuuuuhhhh..
Pedes pedes kriuk gituu..
Yok order yokk..
Cp : 085643378441
Kamis, 12 Oktober 2017
Lingsir
Lingsir
Dening : Wulanningsih
Wengi wis san saya lingsir
Sinare sang candra wis katon ora sumringah
Sumorot mangulon mapag tekane jagat raina
Nyawang kahanan kang katon tentrem
Lelagon swarane jangkrik sesahutan
Sepine wengi pecah merga jegoge asu
Palakon kahanan wis padha lerem ing pangimpen
Nepsu panguripan uwal saka telenging ati
Gumanti impen kang endah
Sawengi natas ngancani sepining jagat
Lamat-lamat kaganti suwasana kang ngowahi lingsir
Jago-jago padha kluruk pamer kagagahane
Minangka pratandha yen surya bakal tumeka
Dening : Wulanningsih
Wengi wis san saya lingsir
Sinare sang candra wis katon ora sumringah
Sumorot mangulon mapag tekane jagat raina
Nyawang kahanan kang katon tentrem
Lelagon swarane jangkrik sesahutan
Sepine wengi pecah merga jegoge asu
Palakon kahanan wis padha lerem ing pangimpen
Nepsu panguripan uwal saka telenging ati
Gumanti impen kang endah
Sawengi natas ngancani sepining jagat
Lamat-lamat kaganti suwasana kang ngowahi lingsir
Jago-jago padha kluruk pamer kagagahane
Minangka pratandha yen surya bakal tumeka
Rabu, 04 Oktober 2017
Cerita Pengalaman
Beja sing Ora Dikarepke
Sesasi kepungkur aku ndaftar ujian SBMPTN kanggo prasyarat mlebu kuliah tur kanggo prasyarat nglegani ibuku sing pingin aku mlebu kuliah. Saktenane aku ra ana niatan kuliah, nanging ibuku kepingin aku mlebu kuliah amarga eman-eman karo bijiku. Leh anggonku nggarap soal uga ra ana niatan. Aku ya uga ngarep-arep supayane aku ora ketampa ing kuliahan, amarga aku wis oleh gaweyan sing bayare lumayan gedhe tur gaweyane kepenak.
Dina iki pengumuman hasil ujian SBMPTN, ning atiku ra ana greget kanggo niliki hasile ujian. Kancaku sing sak gaweyan karo aku tur ya padha ndaftar SBMPTN wis padha ubyur ngiliki pengumuman hasile. Dumadakan padha nangis kabeh amarga ora ketampa. Aku iseh santai, ora duwe karep niliki hasil, mergane aku mikir yen aku ra bakal ketampa ujian kaya sing tak karepake.
Hapeku ra isa meneng anggon muni. "Ah paling mung do pengin reti hasile ujian" batinku karo neruske anggone nyambut gawe lan ora nggatekake hapeku. Kanca-kancaku sing liyane padha takon karo aku. Ning aku mung semaur yen aku ra ketampa. Nganti ana kancaku sing takon nomer ujian karo paswordku amarga ora percaya. "Peh, kene aku njaluk nomer ujianmu karo paswordmu, kok le ngaku-aku ra ketampa ujian. Wong ketokke aku mau maca ning koran ana jenengmu kok" ujare kancaku karo mangkel.
Basan kancaku omong ngono banjur tak nehi nomer karo pasworde, atiku sing maune ayem dadi ora karuan. Semelang yen aku ketampa kuliah. Lan sing tak wedeni kelakon. Aku ketampa kuliah ing salah sijining PTN ing jogja.
Ra ana rasa seneng, anane pikirane mumet amarga ora reti kudu ngapa. Aku sing kudu tak lakoni. Ora merga semelang anggone bayar, nanging merga aku ndaftar kuliah tur ora reti iku kampuse ana ngendi, sik kudu tak lakoni nalika kuliah iku kepiye, sing disinau iku apa, blass bloongg. Rasa sedhih merga aku kudu pisah karo kanca sak gaweyan, merga bakalan ra isa golek duit meneh. Blas ra ana seneng-seneng e.
Sakwise ketok omah. Aku langsung di kekep wong tuaku merga seneng e ra karuan. Ning aku malah nangis kekejer merga ra karep. Ning kepiye maneh iku kabeh kudu tak lakoni. Lan Alhamdulillah nganti saiki wis ana rasa bungah ning atiku, merga aku ora mung kuliah, nanging uga karo nguri-uri budaya jawi
Sesasi kepungkur aku ndaftar ujian SBMPTN kanggo prasyarat mlebu kuliah tur kanggo prasyarat nglegani ibuku sing pingin aku mlebu kuliah. Saktenane aku ra ana niatan kuliah, nanging ibuku kepingin aku mlebu kuliah amarga eman-eman karo bijiku. Leh anggonku nggarap soal uga ra ana niatan. Aku ya uga ngarep-arep supayane aku ora ketampa ing kuliahan, amarga aku wis oleh gaweyan sing bayare lumayan gedhe tur gaweyane kepenak.
Dina iki pengumuman hasil ujian SBMPTN, ning atiku ra ana greget kanggo niliki hasile ujian. Kancaku sing sak gaweyan karo aku tur ya padha ndaftar SBMPTN wis padha ubyur ngiliki pengumuman hasile. Dumadakan padha nangis kabeh amarga ora ketampa. Aku iseh santai, ora duwe karep niliki hasil, mergane aku mikir yen aku ra bakal ketampa ujian kaya sing tak karepake.
Hapeku ra isa meneng anggon muni. "Ah paling mung do pengin reti hasile ujian" batinku karo neruske anggone nyambut gawe lan ora nggatekake hapeku. Kanca-kancaku sing liyane padha takon karo aku. Ning aku mung semaur yen aku ra ketampa. Nganti ana kancaku sing takon nomer ujian karo paswordku amarga ora percaya. "Peh, kene aku njaluk nomer ujianmu karo paswordmu, kok le ngaku-aku ra ketampa ujian. Wong ketokke aku mau maca ning koran ana jenengmu kok" ujare kancaku karo mangkel.
Basan kancaku omong ngono banjur tak nehi nomer karo pasworde, atiku sing maune ayem dadi ora karuan. Semelang yen aku ketampa kuliah. Lan sing tak wedeni kelakon. Aku ketampa kuliah ing salah sijining PTN ing jogja.
Ra ana rasa seneng, anane pikirane mumet amarga ora reti kudu ngapa. Aku sing kudu tak lakoni. Ora merga semelang anggone bayar, nanging merga aku ndaftar kuliah tur ora reti iku kampuse ana ngendi, sik kudu tak lakoni nalika kuliah iku kepiye, sing disinau iku apa, blass bloongg. Rasa sedhih merga aku kudu pisah karo kanca sak gaweyan, merga bakalan ra isa golek duit meneh. Blas ra ana seneng-seneng e.
Sakwise ketok omah. Aku langsung di kekep wong tuaku merga seneng e ra karuan. Ning aku malah nangis kekejer merga ra karep. Ning kepiye maneh iku kabeh kudu tak lakoni. Lan Alhamdulillah nganti saiki wis ana rasa bungah ning atiku, merga aku ora mung kuliah, nanging uga karo nguri-uri budaya jawi
Minggu, 01 Oktober 2017
Tembang dolanan anak
Kembang Blimbing
Kembang blimbing mbing maya-maya ya
Kembang pelem wujude ingklik ketela
Kembang kacang lan kara padha kupune, lha kae
Kembang pring blas-blasan kaya carange
Kembang jambu lan randhu metu karuke, lha kae
Dhasar blanggreng Si kopi pemacakira
Dhendheng Kenthing thing
Sambel lonthang thang
Kakang mendhak yen mendhak ulung-ulungan
Jenang telaka gendhis mawi kalapa, aoa
Leganana gathuke krenteg kawula
Benguk wana kecipir wungu kembange, aoe
Rowa rawe temanten ketemu sore
Kembang blimbing mbing maya-maya ya
Kembang pelem wujude ingklik ketela
Kembang kacang lan kara padha kupune, lha kae
Kembang pring blas-blasan kaya carange
Kembang jambu lan randhu metu karuke, lha kae
Dhasar blanggreng Si kopi pemacakira
Dhendheng Kenthing thing
Sambel lonthang thang
Kakang mendhak yen mendhak ulung-ulungan
Jenang telaka gendhis mawi kalapa, aoa
Leganana gathuke krenteg kawula
Benguk wana kecipir wungu kembange, aoe
Rowa rawe temanten ketemu sore
Tembang Dolanan
Jago Kluruk
Ing wayah esuk jagone kluruk
Rame swarane pating kemruyuk
Wadhuh senenge sedulur tani
Bebarengan padha nandur pari
Srengenge nyunar kulon prenahe
Manuke ngoceh ana wit-witan
Paling cemruwit rame swarane
Tambah asri donya saisine
Ing wayah esuk jagone kluruk
Rame swarane pating kemruyuk
Wadhuh senenge sedulur tani
Bebarengan padha nandur pari
Srengenge nyunar kulon prenahe
Manuke ngoceh ana wit-witan
Paling cemruwit rame swarane
Tambah asri donya saisine
Lagu dolanan anak
Kodok Ngorek
Kodok ngorek kodok ngorek
Ngorek nyang pinggir kali
Theyot theblung theyot theblung
Theyot theyot theblung
Golek pangan golek pangan
Golek golek pangan
Theyot theblung theyot theblung
Theyot theyot theblung
Bocah pinter bocah pinter
Besuk dadi dokter
Bocah bodho bocah bodho
Besuk kaya kebo
Kodok ngorek kodok ngorek
Ngorek nyang pinggir kali
Theyot theblung theyot theblung
Theyot theyot theblung
Golek pangan golek pangan
Golek golek pangan
Theyot theblung theyot theblung
Theyot theyot theblung
Bocah pinter bocah pinter
Besuk dadi dokter
Bocah bodho bocah bodho
Besuk kaya kebo
Rabu, 27 September 2017
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggowong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Lelabuhan kang kanggowong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Minggu, 24 September 2017
Pocung
Piwelinge biyung marang anakke nalika mangkat sekolah
Pocung
Mung welingku : angger yen sira lumaku
Neng lurung prayoga
Sing padhaa ngati-ati
Lumakua angger urut pinggir kiwa
Tengah lurung : pating sliri lampahipun
Motor grobag kreta
Anglur selur wola wali
Mula angger den awas lan den prayitna
Pamujiku : angger anggonmu lumaku
Nalikane mangkat
Sarta nalikane bali
Muga muga aja ana sambekala
Pocung
Mung welingku : angger yen sira lumaku
Neng lurung prayoga
Sing padhaa ngati-ati
Lumakua angger urut pinggir kiwa
Tengah lurung : pating sliri lampahipun
Motor grobag kreta
Anglur selur wola wali
Mula angger den awas lan den prayitna
Pamujiku : angger anggonmu lumaku
Nalikane mangkat
Sarta nalikane bali
Muga muga aja ana sambekala
Sabtu, 23 September 2017
Topografi Genguritan
Ing
Dening : Hanifah Wulanningsih
Ing
Ing atiku
Ing atiku iki
Ing atiku iki mung
Ing atiku ini mung ana
Ing atiku iki mung ana tresna
Ing atiku iki mung ana tresna marang
Ing atiku iki mung ana tresna marang sliramu
Ing atiku iki mung ana tresna marang
Ing atiku iki mung ana tresna
Ing atiku iki mung ana
Ing atiku iki mung
Ing atiku iki
Ing atiku
Ing
Kamis, 21 September 2017
Resensi Serat Centhini
Resensi "Serat Centhini"
Irah-irahan : Serat Centhini (Suluk Tambangraras) Jilid V
Panganggit : Yasandalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunegara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV ing Surakarta
Kalatinaken dening : Kamajaya ( Karkono Partokusumo)
Kacithak dening : Yayasan Centhini
Kacithak ing : Yogyakarta
Kacithak taun : 1987
Cacahing kaca : 225 + XX kaca
Warna sampul : Biru
Warna kertas : pethak gadhing
Wosing
Serat Centhini jilid V menika gadhah isi 86 pupuh, wiwit pupuh 321 dumugi pupuh 356. Lan gadhah bebuka ingkang nerangaken bab "Serat Centhini V kanthi purwaka dening Raden Ngabehi Ranggawarsita"
Mas Cebolang lan para santrinipun tindak kadipaten Wirasaba amargi wonten tanggapan sulap ing dalemipun adipati ingkang ngluwari nadar sasampunipun lair putranipun. Ingkang ningali langkung kathah kalebet para abdi lan seliripun adipati. Mas Cebolang bagus rupinipun ugi panganggenipun sae. Ing mriku dipunadani terbangan, tetembangan, lan singiran. Swantenipun langkung sae, mila kathah para wanita ingkang gandrung. Seliripun adipatu ingkang kinasih, Jae Manis ugi kapranan. Sulapipun Mas Cebolang mawarni-warnilan damel eramipun ingkang ningali. Janur kuning kasulap dados sawer, wulu peksi ingkang dipunlebetaken kurungan, lajeng dados peksi, Jantra kasulap dados sima, lan sanes-sanesipun. Sasampunipun tontonan sulap dipunpungkasi. Mas Cebolang sakanca kaparingan arta 30 reyal lan sandhangan. Adipati kesengsem dhateng Nurwitri. Ing satunggaling dinten Nurwitri lan Mas Cebolang katimbalan, kadhawuhan mangangge pawestri. Sang adipati sakalangkung kapranan saengga Mas Cebolang rinapu kadosdene wanita, gantosan kaliyan Nurwitri. Mas Cebolang saged ngupados wekdal liron-soh kaliyan Jae Manis. Boten namung jae manis, selir sanesipun, tiyang semahan dumugi nyi pangulu anem ugi kacakan Mas Cebolang. Sang adipati mireng lan duka, lan paring prentah supados Mas Cebolang diputukup. Sakderengipun kapikut, Mas Cebolang mireng, lajeng lolos lumebet ing wana.
Nalika Mas Cebolang ing redi Semeru ingkang nuruti pamanggihipun Ki Saloka kangge sowan buyut Danardana ingkang kaloka ilmunipun sampun araga sukma. Dumugi pucaking Semeru, boten kepanggih sang buyut, pratandha boten katrima panuwunipun. Nglanjengaken lampah datheng guwa Sigala, badhe nemahi ajalipun. Para santrinipun kapurih mantuk, matur kaliyan ramanipun, ananging boten purun. Milih pejah gesang sasarengan. Sasampunipun 7 dalu ing guwa. Mas Cebolang sumerap sang Tapa, lajeng nyembah, wekasan sami kaparingan tedha saking ciptanipun Tapa. Mas Cebolang kadhawuhan mantuk dhateng Sokayasa saha kaparingan sumerep bilih ramanipun mundhut pytra angkat putra putrinipun Sunan Giri, Jayengsari lan Rancangkapti. Lajeng Mas Cebolang dipun wejang bab Wahyu Jatmika kanthi pralambang kaca paesan ngantos bab gambran wontenipun Pangeran Sejatu, bab jisim lan jasat. Bab mukmin ingkang boten pegat sembayangipun, kalajengaken bab tegesipun Islam, sholat, takdir, asalipun bumi, pejah gesang. Mas Cebolang langkung lega manahipun nampi wejangan sang Tapa, lajeng nyuwun pangestu badhe mantuk Sokayasa.
Ing Sokayasa, Jayengsari lan Rancangkapti kapundhut putra dening Seh Akadiyat, langkung kinasihan, ginala-gala tuwin winejang sakathahing ngelmu. Wanci Asar Seh Akadiyat pinuju mejang Jayengsari bab "Mati sajroning urip, urip sajroning mati". Dumadakan Mas Cebolang dhateng lan sungkem dhateng rama. Mas Cebolang kadhawuhan sungkem dhateng Jayengsari ingkang sampun dados kadang sepuhipun. Sawatawis wekdal malih Mas Cebolang nikah kaliyan Rancangkapti, lan boten dangu Seh Akadiyat kakung putri seda.
Salah satunggaling dinten ing Sokayasa kadhatengan santri saking Surabaya. Menika utusanipun Pangeran Pekik ingkang madosi putra-putrinipun Sunan Giri ingkang lolos. Awit saking kuwatipun manah badhe kapikut dening utusanipun Pangeran Pekik, Jayengsari, Rancangkapti tuwin Mas Cebolang sami kesah saking griya lumampah saurutipun Gunungkidul mangilen. Sasampunipun 3 dalu, lampahipu dumugi ing pucaking Gununglima, kapanggih pandhita Hercaranu ingkang sampun aragasukma lan kaprenah canggahipun ki Banyubiru. Sang pandhita paring katrangan, bilih ramanipun Jayengsari-Rancangkapti mila duka dening Pangeran jalaran pengin mengku tanah Jawi. Pramila ampun ngantos sami wantun dhateng ingkang tampi Nuringray(Sultan Ageng). Wekasan kadhawuhan dhedhekah ing Wanataka. Lampahipun kaater dening sang Pandhita kanthi lampah gaib. Sami kadhawuhan nyepengi nyampingipun sang Pandhita kanthi merem dumugi papan ingkang pinuju. Dukuh Wantaka sarwi jangkep kanthi asramanipun. Kamangka sajatosipun dhukuh wau dumados saking ciptanipun Seh Hercaranu. Supados wilujeng Seh Heracaranu dhawuh kedah gantos nama, Jayengsari dados Seh Mangunarsa, Mas Cebolang dados Seh Anggungrimang, santri Buras dados Monthel lan Rancangkapti tetep. Ing Wantaka sedaya tansah sami sengkut sembayang.
Putra mbajengipun Sunan Giri ingkang lolos nalika perang Giri, suwita dhateng Ki Ageng Karang, winejang ngelmu agal alus. Saksampunipun katingal mumpuni, namanipun dipungantos dados Seh Amongraga. Seh Amongraga badhe pamit madosi adinipun. Ki Ageng ngendika bilih adhinipun (Jayengsari) sampun angsal kamulyan agung, jalaran gurunipun ugi nate rawuh Karang lan tunggal guru kaliyan Ki Ageng. Ki Ageng boten kersa beberaken dunungipun adhinipun, namung Seh Amongraga kadhawuhan dhateng Wanamarta ing kidul wetanipun Giri Maja, papan dunungipun Ki Bayi Panurta. Dhawuhipun Ki Ageng Karang, Ki Bayi Panurta kagungan putri kanthi nama Ken Tambangraras. Seh Amongraga kadhawuhan miturut dhaup kaliyan Tambangraras. Lampahipun Seh Amongraga kadherekaken Jamal-Jamil lan mampir Maledari ing redi Gora, kapanggih Buyut Wasi Bagena, gurunipun para bekel dhusun. Ki Buyut kagungan putri kanthi nama Ken Pangliring lan Rara Sumekar. Kekalihipun pengin dados semahipun Seh Amongraga. Seh Amongraga nglajengaken lampah dumugi ing dhukuh Andong Tinunu ler wetanipun redi Sindara, kapanggih Seh Sukmasidik. Putra estrinipun anggenipun manggih namanipun Rara Megatsih. Boten purun palakrama kajawi kaliyan priya ingkang saged ngawonaken bantah ngelmu. Seh Amongraga lan Seh Sukmasidik rerembagan bab asalmulanipun jagad sarta pundi ingkang langkung rumiyin. Seh Amongraga sual jawab kaliyan Rara Megatsih bab roh ilapi, budi lan nepsu, aluamah, mutmainnah lan supiyah, babaring rahsa jati. Rara Megatsih rumaos cumeplong manahipun. Seh Sukmasidik kersa njodhokaken kaliyan Seh Amongraga, nanging sang lelanabrata namung nyagahi bilih sampun saged kepanggih adhinipun.
Lampahipun Seh Amongraga dumugi sacelaking dhukuh Wanamarta angsal katrangan saking santri Nuripin bab Ki Bayi Panurta ingkang mandhegani pesantren, puputra tiga. Pambajengipun estri, Niken Tambangraras, ayu, boten kersa emah-emah kejawi kaliyan priya ingkang unggul ngelmunipun. Ingkang angka kalih, Jayengwesthi, semahipun Turida, lan wuragilipun Jayengraga semahipun Rarasati. Sasampunipun nginep setunggal dalu ing griyanipun Nuripin, Seh Ammongraga kadherekaken dhateng Wanamarta. Kawontenan margi tansah ngresepaken. Wanamarta menika gemah ripah karta raharaja. Jayengwesthi dhateng ing griyanipun rayi Jayangraga, rerembagan bab kasenengan lan kanikmatan mawarni-warni sinambi dhawuh maos kitab Asmarakandhi dening Jalalodin. Kasusul dhalang Cremasana suluk kairing gamelan. Jayengsari mriksani kitab suluk Kadim tuwin Bayan maot. Priksa kemiri ing kanthong bludru Jayengwesthi ngengetaken rayinipun ampun remen dhateng pepaesan, langkung prayogi ngudi sampurnaning tekad dhateng kasidan. Seh Amongraga kapanggih Jayengwesthi tuwin Jayengraga. Rerembagan bab ngelmu kadosdene anjajagi gegebenganipun Seh Amongraga. Bab kautamaan ngelmu, bab bumi langit, sakderengipun, nukat gaib, wilayat, gaibulguyub, gaibuluwiyah. Amongraga mratelakaken bab sarengat, tarekat, hakekat, lan makripat, dalil, hadis, ijemak, sidik, amanah, tablig, lan gegebenganipun agami Islam dumugi kasampurnaan. Jayengwesthi lan Jayengraga kawejang ngelmu raos saengga rumaos padhang manahipun. Seh Amongraga ngimami salat Subuh, solatipun tertib lan pantes dados tuladan. Seh Amongraga sowan dhateng Ki Bayi Panurta ing langgar mucal ngaos, putrinipun Niken Tambangraras tansah sulistya rinengga ing busana, naning tebih dhatengpriya, ugi mucal ngaos. Ki Bayi Panurta kepanggih Seh Amongraga. Niken Tambangraras nginjen saking sakwingkinging gebyog, sumerep tamu ingkang susila anoraga angresepaken ing batos kapranan, kados nglampahi dados jatukramanipun. Sasampunipun sami solat lan dhahar kembul, Ki Bayi Panurta nglajengaken rerembagan. Niken Tambangraras, ibunipun, sarta centhi abdinipun wasta centhini nginjen. Niken Tambangraras ing batos kayungyun dhateng Seh Amongraga, wekasan namung nelangsa lan nangis sesenggukan. Ki Bayi Panurta rembagan kaliyan putra kekalih bab Niken badhe dipunjodhokaken kaliyan Seh Amongraga. Seh Amongraga nyaguhi kanthi panyuwunan paningkahipun ampun dhatengaken suka-suka. Ki Bayi Panurta paring pitutur dhateng Niken bab kautamaan wanita winengku ing priya. Ki Bayi Panurta paring dhawuh dhateng rayinipun bab anggenanipun amiwaha dhaupipun Niken Tambangraras kaliyan Seh Amongraga. Pamiwaha tanpa suka-suka, pramila namung badhe dipun sengkuyung sadhusun, boten ngaturi para priyayi ing nagari. Tumindakipun pahargyan prasaja, boten beda kados lumrahipun tiyang gadhah gawe mantu. Nyi Malarsih nyiagakaken pasegahan, ulam-ulaman, ugi patanen pinajang sarwa endah. Ing griyanipun Jayangwesthi, Seh Amongraga paring katrangan bab tekat Kadariyah lam Jabariyah. Malem midodareni kathah tamu ing dalemipun Ki Bayu Panurta rembagan kaliyan ji Sembagi bab Pasaton laki rabi. Senesipun sami lenggahan sinambi sesrawungan. Ing griya wingking jagongan para wanita sami rerembagan mawarni-warni. Saksampunipun dhahar lajeng terbangan lan singiran. Sakaampunipun tengah dalu sami pindhah ing griyanipun Jayangraga. Saksampunipun bubaran Jayengraga tilem ing paningrat. Wekasan ronggeng ngladosi Jayengraga dumugi ubaling nafsu sahwat. Enjingipun ing dalem Ki Bayi Panurta para rayi kadhawuhan ngrampungaken tarikat paningkahipun Seh Amongraga, para putra kadhawuhan ngiring pasowananipun Seh Amongraga saprayoginipun.
Salah satunggaling kaluwihan saking buku menika boten kathah ngginakaken basa jawi kuna saengga nggampilaken pamaos mangretosi babagan ingkang dipunrembang wonten ing serat menika. Ananging kathah babagan ingkang kedah dipungatosaken amargi serat menika kathah ingkang tumuju wonten ing ajaran agami Islam ananging tasih ngrembag bab ingkang kirang trep utawi radi saru, saengga saged ndadosaken pamanggihan ingkang klentu kangge pamaos. Ananging buku menika katah ajaran supados tiyang gesang menika kedah ngibadah ingkang sae. Resensi Serat Centhini
I
Rabu, 20 September 2017
Geguritan
Embuh
dening Wulanningsih
Sirah iki amung jagad kang cilaka
Kang dipeksa mati sinuwune
Lebur ing ukara kang dadi angkara
Lathi iki wis ilang suarane
Kelu, kaku, mati rasa
Kayadene wis sungkan kanggo ngutuk
Ananging raga iki wis kebak durangkara
Jenengmu kang gawe endah pikiranku
Ndadekake slirahmu ratu ing uripku
Ratu kang kuwasa ing sakkabehing
Kang ndadekake kasunyatan dadi kasangsaran
Kang njalari peranging ati lan pikiran
Ohh angen angenku angen angenku..
Apa aku luwih becik mati wae?
Supaya uwong ora reti sak kabehe?
Supaya aku ora nyemauri kabeh pitakonan iku ?
Ohhh angen angenku angen angenku..
Ajur lebur ra ana sisane
Sing tak duweni amung legawaning ati
Kang nadahi sisaning remukan cerita
Kang dadi eluh
dening Wulanningsih
Sirah iki amung jagad kang cilaka
Kang dipeksa mati sinuwune
Lebur ing ukara kang dadi angkara
Lathi iki wis ilang suarane
Kelu, kaku, mati rasa
Kayadene wis sungkan kanggo ngutuk
Ananging raga iki wis kebak durangkara
Jenengmu kang gawe endah pikiranku
Ndadekake slirahmu ratu ing uripku
Ratu kang kuwasa ing sakkabehing
Kang ndadekake kasunyatan dadi kasangsaran
Kang njalari peranging ati lan pikiran
Ohh angen angenku angen angenku..
Apa aku luwih becik mati wae?
Supaya uwong ora reti sak kabehe?
Supaya aku ora nyemauri kabeh pitakonan iku ?
Ohhh angen angenku angen angenku..
Ajur lebur ra ana sisane
Sing tak duweni amung legawaning ati
Kang nadahi sisaning remukan cerita
Kang dadi eluh
Senin, 18 September 2017
Godhong Garing
Nalika godhong garing kae tiba
Angin ing mangsa ketiga pada welas
Nampani godhong kang ucul saka gagang
Digawa menyang ngendi wae
Kesasar-susur ora reti paran
Godhong garing iku pasrah
Wis tinitah legawa ing balung
Ngenteni bakal tiba ing ngendi
Angin ing mangsa ketiga pada welas
Nampani godhong kang ucul saka gagang
Digawa menyang ngendi wae
Kesasar-susur ora reti paran
Godhong garing iku pasrah
Wis tinitah legawa ing balung
Ngenteni bakal tiba ing ngendi
Minggu, 17 September 2017
Gambuh
G A M B U H
kapethik saking serat wulangreh
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katuruh pan dadi awon.
Aja nganti kabanjur
barang polah kang nora jujur
yen kebanjur sayekti kojur tan becik
becik ngupayaa iku
ing pitutur kang sayektos.
Tutur bener punik
sayektine apantes tiniru
nadyan metu sakingvwong sudrapapeki
lamun becik nggone muruk
iku pantes sira ango
Ana pocapanipun
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan esthi
adiguna ula iku
telu pisan mati sampyoh.
Si kidang umbagipun
ngandelaken kebat lumpatipun
pan si gajah ngandelken ageng inggil
ula ngandelaken iku
mandine kalamun nyakot.
kapethik saking serat wulangreh
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katuruh pan dadi awon.
Aja nganti kabanjur
barang polah kang nora jujur
yen kebanjur sayekti kojur tan becik
becik ngupayaa iku
ing pitutur kang sayektos.
Tutur bener punik
sayektine apantes tiniru
nadyan metu sakingvwong sudrapapeki
lamun becik nggone muruk
iku pantes sira ango
Ana pocapanipun
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan esthi
adiguna ula iku
telu pisan mati sampyoh.
Si kidang umbagipun
ngandelaken kebat lumpatipun
pan si gajah ngandelken ageng inggil
ula ngandelaken iku
mandine kalamun nyakot.
Jumat, 15 September 2017
secuil crita
Sorote mripatku ilang bebarengan karo tekane mendhung kae. Ora suwe, , disusul karo suwara bledheg sing gawe kuwatire sapa wae. Tanggal papat, sasi lima, taun nembelas. Kala iku atiku dipeksa mbaleni ngrasakake lara. Eluh tumetes kanggo sebab kang ora dinyana.
Rabu, 13 September 2017
Resensi Serat Wulangreh
Irah-irahan : Serat Wulangreh
Panganggit : Kanjeng Susuhunan Pakubuana IV Surakarta Hadiningrat
Penerbit : Effhar & Dahara Prize
Kacithak ing : Semarang
Kacithak taun : 1994 (Cetakan kaping 3)
Cacahing kaca : 208 kaca
Warna sampul : Cemeng
Warna kertas : pethak semu coklat
Wosing
Buku kathi irah-irahan "Serat Wulangreh" menika ngandharaken babagan lelampahing gesang manungsa ing dunya ingkang dipunandharaken kanthi lantaran tembang.
Tembung Wulangreh menika gadhah teges saking tembung "wulang" ingkang ateges ajaran lan tembuh "reh" saking basa Jawi kuna ingkang ateges dalan, aturan, lan laku. Wulangreh saged dipunmangertosi ajaran ingkang dipunlampahi ing dunya.
Wonten ing Serat Wulangreh menika kaperang dadaos 13 pupuh inggih menika : tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumabang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmaradana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.
Wonten ing tembang Dhandhanggula ngemot ajaran ingkang kathah wigatinipun kangge tiyang gesang menika kedah ngudi kawruh ingkang kathah. Tiyang ingkang kirang anggenipun ngudi kawruh, ing jaman sakmenika bakalan kajajah lan lampahipun saged klentu. Tembang Kinathi ngandharaken menawi tiyang gesang kedah kulina nindakaken lelampahing gesang ingkang sae lan dados tiyang ingkang saged cegah dahar lawan guling lan boten kasukan-sukan, ugi nilaraken andhap asoripun.
Tembang Gambuh ngemu kawruh minangka tiyang gesang menika ampun tumindak ala. Tiyang ingkang boten jujur bakal kojur. Boten pareng kathah janji menawi boten saged dipunlampahi amargi saged boten dipunpitados. Semanten ugi ing tembang Pangkur ingkang ngajaraken menawi awon lan saenipun tiyang gesang sampun katitik wonten ing tumindakipun. Tiyang durbala menika boten wonten raos marem ing manahipun.
Sanes kaliyan ingkang dipun andharaken wonten ing tembang Maskumambang lan Megatruh. Wonten ing tembang Maskumambang ngandharaken babagan sesembahan inkang wajib dipunsembah sakliyanipun Gusti ingkang sampun paring sampurnaning gesang tumekaning antaka lan boten pareng niru tumindak ingkang boten becik. Lan ing tembang Megatruh ngandharaken kautamaain tiyang ingkang ngawula.
Beda kaliyan wosing tembang Durma kang ngandharaken pepacuh menawi tiyang gesang ampun ngantos maoni tuwin ndumuk piawoning sanes. Minangka leres klentu, ala becik, begja cilaka menika mapan saking badan priyangga. Pramila kedah ngatos-atis. Ing tembang Wirangrong dipun andharakan pangatos-atos ing pangandikan tuwin milih pawong mitra lan kedah njagi lathi lan laku. Tembang Pucung ugi ngandharaken pepenget tumprap tumindak tuein rukuning pasedherekan. Sedhulur lan kaluwarga kedah rukun, ampun ngantos pisah. Ing samubarang kersaning menawi padha rukun saged katingal langkung sae.
Wondene tembang Mijil ngandharaken menawi awon lan saenipun tiyang ingkang narima lan boten narima. Tembang Asmaradana ngemu jawruh wewarah tumindakipun punggawa praja. Lan tembang Sinom ingkang ngandharaken tuladhanipun saking gegayuhan.
Wosipun tembang ikang dipunandharaken intinipun tiyang gesang kedah gadhah laku ingkang sae.
Salah satunggaling kaluwihan saking buku menika boten kathah ngginakaken basa jawi kuna satemah nggampilaken pamaos mangretosi babagan ingkang dipunrembang wonten ing serat menika. Ananging kathah babagan ingkang kedah dipungatosaken amargi serat menika boten namung tumuju wonten ing ajaran agami Islam, ananging kathah ugi ajaran Kejawen, satemah saged ndadosaken pamanggihan ingkang sanes kangge pamaos.
Panganggit : Kanjeng Susuhunan Pakubuana IV Surakarta Hadiningrat
Penerbit : Effhar & Dahara Prize
Kacithak ing : Semarang
Kacithak taun : 1994 (Cetakan kaping 3)
Cacahing kaca : 208 kaca
Warna sampul : Cemeng
Warna kertas : pethak semu coklat
Wosing
Buku kathi irah-irahan "Serat Wulangreh" menika ngandharaken babagan lelampahing gesang manungsa ing dunya ingkang dipunandharaken kanthi lantaran tembang.
Tembung Wulangreh menika gadhah teges saking tembung "wulang" ingkang ateges ajaran lan tembuh "reh" saking basa Jawi kuna ingkang ateges dalan, aturan, lan laku. Wulangreh saged dipunmangertosi ajaran ingkang dipunlampahi ing dunya.
Wonten ing Serat Wulangreh menika kaperang dadaos 13 pupuh inggih menika : tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumabang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmaradana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.
Wonten ing tembang Dhandhanggula ngemot ajaran ingkang kathah wigatinipun kangge tiyang gesang menika kedah ngudi kawruh ingkang kathah. Tiyang ingkang kirang anggenipun ngudi kawruh, ing jaman sakmenika bakalan kajajah lan lampahipun saged klentu. Tembang Kinathi ngandharaken menawi tiyang gesang kedah kulina nindakaken lelampahing gesang ingkang sae lan dados tiyang ingkang saged cegah dahar lawan guling lan boten kasukan-sukan, ugi nilaraken andhap asoripun.
Tembang Gambuh ngemu kawruh minangka tiyang gesang menika ampun tumindak ala. Tiyang ingkang boten jujur bakal kojur. Boten pareng kathah janji menawi boten saged dipunlampahi amargi saged boten dipunpitados. Semanten ugi ing tembang Pangkur ingkang ngajaraken menawi awon lan saenipun tiyang gesang sampun katitik wonten ing tumindakipun. Tiyang durbala menika boten wonten raos marem ing manahipun.
Sanes kaliyan ingkang dipun andharaken wonten ing tembang Maskumambang lan Megatruh. Wonten ing tembang Maskumambang ngandharaken babagan sesembahan inkang wajib dipunsembah sakliyanipun Gusti ingkang sampun paring sampurnaning gesang tumekaning antaka lan boten pareng niru tumindak ingkang boten becik. Lan ing tembang Megatruh ngandharaken kautamaain tiyang ingkang ngawula.
Beda kaliyan wosing tembang Durma kang ngandharaken pepacuh menawi tiyang gesang ampun ngantos maoni tuwin ndumuk piawoning sanes. Minangka leres klentu, ala becik, begja cilaka menika mapan saking badan priyangga. Pramila kedah ngatos-atis. Ing tembang Wirangrong dipun andharakan pangatos-atos ing pangandikan tuwin milih pawong mitra lan kedah njagi lathi lan laku. Tembang Pucung ugi ngandharaken pepenget tumprap tumindak tuein rukuning pasedherekan. Sedhulur lan kaluwarga kedah rukun, ampun ngantos pisah. Ing samubarang kersaning menawi padha rukun saged katingal langkung sae.
Wondene tembang Mijil ngandharaken menawi awon lan saenipun tiyang ingkang narima lan boten narima. Tembang Asmaradana ngemu jawruh wewarah tumindakipun punggawa praja. Lan tembang Sinom ingkang ngandharaken tuladhanipun saking gegayuhan.
Wosipun tembang ikang dipunandharaken intinipun tiyang gesang kedah gadhah laku ingkang sae.
Salah satunggaling kaluwihan saking buku menika boten kathah ngginakaken basa jawi kuna satemah nggampilaken pamaos mangretosi babagan ingkang dipunrembang wonten ing serat menika. Ananging kathah babagan ingkang kedah dipungatosaken amargi serat menika boten namung tumuju wonten ing ajaran agami Islam, ananging kathah ugi ajaran Kejawen, satemah saged ndadosaken pamanggihan ingkang sanes kangge pamaos.
Langganan:
Postingan (Atom)